KRÅNÅ MANGKONO SATURUT KARSANING SANG PANGRIPTÅ
kapacak uga ing https://www.facebook.com/share/p/18AFfmxNVb/
He prå kaum mudhå lan diwåså kang binêrkahan, tansah digulåwênthah Kang Må' Kawåså,
sayogyå mujiå sokur, ndêdonga lan makaryå.
krånå mangkono saturut karsaning Sang Pangriptå.
Argå amunggul, samodra angalun waråtå
tanêman ijo lan alam nêngsêmke patut dijågå, diopèni, dirêksa
krånå mangkono saturut karsaning Sang Pangriptå.
Sato kewan ing bumi, manuk ing akåså, iwak ing sêgårå
sartå kewan långkå patut ditrêsnani, diopèni lan dibelå
krånå mangkono saturut karsaning Sang Pangriptå.
He prå kadang, tarunå lan diwåså, sato kewan lan wit-witan dalah saisining donyå
asung mêmujiå Gusti sakabèhane jagad råyå
krånå mangkono saturut karsaning Sang Pangriptå.
JM, madyå rainå, 120126
✍️ 𝖊𝕹𝕻𝖊 ✍️
[^__^] [^__^]
Komentar
Posting Komentar