SARÈH LAN SABARÅ

   kapacak ugå ing https://www.facebook.com/share/p/1Bk6tJ4prs/

Sarèh lan sabarå, he jiwaku

tanggõn ing duhkitå, aywå ngrêsulå

pasrahnå kasèdhihan marang Gustimu

Allah sêtyå nora nguciwani

mring kang satuhu angayõm Panjênêngane.


Sarèh lan sabarå, he jiwaku

sumendheå Gusti kang anuntunmu

ing astane Allah åpå kang kawuri

twin mêngkone tansah rinêkså

alun gêdhe datan anrajang sirå

margå jroning rumêkså lan kwåså-Nyå.


Sarèh lan sabarå, he jiwaku

lamun mungkuring kadang sutrêsnå

sartå kêtaman ing kasêdhihan

Gusti bakal nyånggå aboting momotan

Sih kanugrahan kang katåmpå.


Sarèh lan sabarå, he jiwaku

sêdhelå manèh wancine praptå

sirå kapanggih Panjênêngane

anglipur samåså lungkrah

klawan mêmuji sukarênå kaagungane Gusti Allah..


JM, lingsir-wetan, 27126

            ✍️ 𝖊𝕹𝕻𝖊 ✍️

            [^__^]  [^__^] 


Komentar

Postingan populer dari blog ini

JÊRITAN NGISOR KRÊTÊG

BÊBÊNDU

SWÅRÅ LÊMBAH KANG SÊPI -kagagas lan kaangên-