IBÅ ENDAHE ALAM
kapacak ugå ing https://www.facebook.com/share/p/1Bsvjssjig/
Ibå endahe alam riptane Gusti
kewan, manuk, iwak, têtanêman.
Dalah akåså, lintang lan rêmbulan
sanggyå tåtå suryå mêmuji Gusti.
Gustiku ngrêkså sajagad rat salumahing bumi
manuk, margåsatwå sakabèhane kacukupan pangane.
Kawucalå kawulå, Gusti, kawênganå paningal kawulå
nglêlantih saking alam nyumurupi berkahing Gusti.
He pårå umat sadarum sami
månggå samyå tumungkul memuji
wit datan kêndhat bêrkahing Gusti kang tansah tinampi
rumêntah mring sirå umat kang kinasihi.
JM, esuk kêkês, 210126
✍️ 𝖊𝕹𝕻𝖊 ✍️
[^__^] [^__^]
Komentar
Posting Komentar