NYURASANI TEMBUNG SEPATU
kapacak uga ing https://www.facebook.com/share/p/17TK8ydPb1/
Embuh iki tulisane sapa, maknane jero mula akeh sing banjur ambage ing grup-grup WhatApp lan SosMed liyane :
Sinau nyurasani saka tembung :
* S E P A T U *
đąđąWujude ora pĂ„dhĂ„ plĂȘg
nanging cÔcÔg petungane...
đ„Ÿđ„ŸNalikĂ„ mlaku
ora tau sawirÄmÄ,
nanging ngĂȘnĂȘre pĂ„dhĂ„...
đđOra tau gĂȘntĂšnan
panggÔnane,
nanging pĂ„dhĂ„dene ngganĂȘpi...
đ„żđ„żOra tau ijĂ”lan pasangan,
nadyan wus amÔh
lan jalaran wus Äșungse,
tĂȘtĂȘp sĂȘtyĂ„!...
đąđąSadrajat, sapangkat,
ora ÄnÄ sing rumÄngsÄ
luwih agung utÄwÄ luwih
asÔr...
đđLamun sing siji ilang,
liyane ora nduwÚni pigunÄ...
đ đ Ora tau-taune
pÄdhÄdene ngidak
utĂ„wĂ„ pĂ„dhĂ„dene nĂȘndhang...
đđNalikĂ„ sing siji
lÄrÄ margÄ suwÚk
nganti kudu dijait,
mulane sing liyane
sĂȘtyĂ„ tuhu ngĂȘntĂšni...
đ„Ÿđ„ŸSĂȘnadyan ora tau mlaku
gandhĂšngan,
sing siji tansah ing ngarĂȘp,
liyane ÄnÄ ing mburi...
ewÄsamono antarane
siji lan sijine ora tau nilapake...
*SĂPATU* = SĂ tyĂ„
PA dhÄ nganti
TU wÄne
Sapasang SĂPATU bisĂ„ dadi tulĂ„dhĂ„ bĂȘcik tĂȘnan kanggo nyaranani Ajine sawijining paguyuban lan pasĂȘduluran kitĂ„ ....đ€
Guyub rukun salawase
Gawe tĂȘntrĂȘm samubarange
Rahayu kang dadi gĂȘgayuhane
Gusti ambĂȘrkahi...
Aa_aamin A__aamin đđ
JM, enjing kĂȘkĂȘs, 30126
✍️ đđčđ»đ ✍️
[^__^] [^__^]
Komentar
Posting Komentar