ANGAKIMI KLAWAN ADIL
kapacak uga ing https://www.facebook.com/share/p/17fxci55eY/
Tembung angakimi (menghakimi, bs Ind) wus asring lan lumrah kita rungu ing saben dinane.
Apa maneh yen kita nggatekake ing TV bab-bab jroning prakaran ing tengahe masarakat tumindak angakimi uwong kang kaanggep nerak tatanan uriping manungsa. Contone maling pitik, kecekel njur diakimi rame-rame dening pendhudhuk kampung.
Angakimi yen ditalisik ora amung bab ngukum kaluputan bae ananging sejatine duwe teges kang luwih rowa yaiku duweni teges mbiji/nganggep lan ngukum.
Menehi pambiji marang uwong iku mujudake titik mula-bukane / wiwitane angakimi. Aja gampang enggal-enggal ngluputake mring liyan utawa aja ngakimi apa kang katon saka njaba, tanpa nitipriksa luwih dhisik. Mula ing tatanan ukum ana langkah panyelidikan lan panyidikan klawan nengenake panduga ora salah, ateges kudu ana alat bukti kang sah (sahih, bs.Ind).
Asring uga tembung angakimi ana gandhenge karo tembung pitenah.
Ya, yen ora ngati-ati netepake pandakwa njur angakimi marang wong liya bisa-bisa dadi panah balik genti didakwa mitenah. Mula kaprayogakake sing wiweka lan prayitna sadurunge tumindak angakimi aja nganti andakwa sing ora bisa kabuktekake.
Angakimi klawan adil iku kang sinedya mrih urip tentrem raharja.
Salam tentrem rahayu mugi kasalira mring kita sadaya.... Aa_aamin A__aamin đđ
JM, madya januari nem likur
✍️ đđčđ»đ ✍️
[^__^] [^__^]
Komentar
Posting Komentar