AJA GUMAMPANG MBIJI WONG SAKA NJABANE

   kapacak uga ing https://www.facebook.com/share/p/1AVm4DNBAB/

Wanci sore ndungkap wengi, priya umuran kurang luwih swidakan taun njangkah alon lumebu lobi salah sijine hotel bintang lima ing Suroboyo. Pakulitane ireng janges sajak kebrongot srengenge iku mratandhani lamun dheweke gaweane pepuletan tetandur ing sawah. Klambine lethek warnane soklat luntur, ing pucuking pantalone ana tilas cipratan blethok lan nganggo sandhal jepit amoh sisan. Katon satleraman, sapa bae sing nyawang, yen dheweke iku mung pak tani ndesa sing lagi sepisanan mlebu kutha gedhe.


Priya iku mlaku tumuju meja resepsionis klawan sopan, "Nuwun sewu, Mbak. Kula ajeng nyewa kamar setunggal kangge nyipeng sewengi."


Resepsionis enom jenenge Maria, mawa riasan praenan lan seragame rapi, nglirik priya iku karo ngematake saka pucuk rambut tekan sikil. Alise rada kaangkat, jroning pikirane, "Hotel bintang lima iki biasane mung ditekani sudhagar, pejabat utawa tamu-tamu kelas ndhuwuran, dudu pak tani sandhalan jepit kaya ngene iki??!"


Kanthi lagu swara ngremehake, Maria celathu, "Pak, tarip kamar hotel niki awis, kadose boten cocok. Bapak saged pados penginepan sanes sing mirah ing njawi ngrika."


Priya iku tetep anteng, eseme ora luntur, "Kula ngertos, Mbak. Ning kula pancen pengin nyipeng ing ngriki sasekecane kula ta. Kamar siji mawon, jinise napa mawon boten napa-napa."


Lagu swarane Maria wiwit ora sabar, "Hotel niki, mligi kangge tamu pilihan, sudhagar lan plancong kelas inggil, Pak! Bapak mang pados nggen sanese mawon, kajenge boten repot!"


Tamu-tamu ing lobi iku melu nglirik apa sing kedadean karo bisik-bisik alon, ana uga sing mandeng katon nyepelekake. Ing batine tamu-tamu liyane "Menawa, pak tani iki salah kamar ora metung awake ora pantes mlebu hotel magrong kaya iki.", heem...heemm, kabeh padha ngremehake nganggep asor.


Priya iku meneng sedhela, praenane tetep tedhuh datan serik datan nesu.

Sawetara iku Maria mlengos sajak wegah ngladeni meneh.


Sawijine satpam ngadeg ora adoh saka kono nggatekake kedadean iki kanthi pangrasane ora kepenak, nyipati lan ngrasakake yen priya lusuh iku katon uwong kang ora gawe ribut, malah katon sopan lan adhem. Satpam iku gojag-gajeg arep melu campur apa ora.


Ngepasi pinuju Maria arep mingket lunga, priya iku kanthi sidhem ngrogoh kanthong klambine, ngetoke HP anyar gilap merek kondhang cetha yen dudu hp murahan. Drijine priya iku nutul lan nggoleki daptar kontake.


Klawan swara tetep lembut lan wibawa, dheweke nelpon, "Halo thole anakku!. Iki aku saiki lagi ana ing lobi hotelmu!" swarane wibawa cukup seru. 

Maria lan kabeh sing padha krungu mak plenggong.???..,"Wah, jebul bapake sing duwe hotel iki??" đŸ«Ą


Eliding crita kang bisa kapethik,

Aja gumampang mbiji wong liya saka njabane kang katon sinawang bae.

Ajenana sakabehe wong liya sing lagi dadi wawan wicara supaya ora kecelik lan kecangar.


JM, wanci enjing, 04326

          ✍️ 𝖊đ•čđ•»đ–Š ✍️

          [^__^]  [^__^]


rinacik & kaolah saka sumber crita :

https://www.facebook.com/share/p/1GAF4tCTuk/


Komentar

Postingan populer dari blog ini

JÊRITAN NGISOR KRÊTÊG

BÊBÊNDU

SWÅRÅ LÊMBAH KANG SÊPI -kagagas lan kaangĂȘn-