🚀 PERANG 'RUDHAL' ISRAEL-AMRIK LAWAN IRAN 🚀

  kapacak uga ing https://www.facebook.com/share/p/1AwW48M8Ci/

đŸȘ– Panel 1 – Ing Markas Militer


Operator 1 :

Wis siap kabĂšh?”

Operator 2 :

Siap! Iki 'rudhal'/rokĂšt gĂȘnĂȘrasi anyar… pintĂȘr bangĂȘt tĂȘnan kih!”


Operator 1 :

PintĂȘr piye?”

Operator 2 :

Ana GPS, ana AI, pokoke luwih pintĂȘr timbang sing ngĂȘburke!


Operator 1 :

YĂ„ wis… ĂȘburke rudhale!”🚀


🚀 Rudhal mabur… wus wuss wusss..🚀

---

🚀 Panel 2 – Rudal Bingung Nang Langit


Rudhal :

Bip… bip… alamat ora kĂȘtĂȘmu. Tak golĂšk warung sik yĂ„... heheeee


Operator 1 :

Lho kok mandhĂȘg?”

Operator 2 :

Sajake rudhale kĂȘsasar.”


Rudhal :

Recalculating route… mampir sik golĂšk warung paling cĂȘdhak.”

---


đŸ” Panel 3 – Rudhal Mudhun Nang Warung Kopi


Bapak Warung :

Lha iki Ă„pĂ„ mĂȘnĂšh? RokĂšt Ă„pĂ„ kulkas kĂȘtrajang lesus?


Rudal :

Bip bip… golĂšk sasaran…”


Bapak Warung :

Sasaranmu warungku ta? YĂšn arĂȘp parkir nĂšng kene, tuku kopi sik, sagĂȘlase gratis!”


Drone teka đŸȘ‚.

Drone :

Nuwun sĂšwu Pak… kuwi rudhal duwĂške mungsuh.”


Bapak Warung :

YĂ„, jupukĂȘn wae… ning sisan mampir ngopi-ngopi sik.”

---


📾 Panel 4 – Rudhal Dadi Pajangan


Tulisan papan :

WARUNG KOPI PAK KARDI – Tau Diampiri Rudhal Internasional.


Turis :

Pak… olĂšh foto selfie karo rudhale?”🚀🚀


Bapak Warung :

OlĂšh… ning Ă„jĂ„ kĂȘsenggol, kuwi saiki tak gawe ganjĂȘl lawang.”

"Awas!, Ă„jĂ„ nganti mblĂȘdhos!.."🛾


Rudhal :

Bip… bip… statusku: wis pensiun.”🕰


JM, wanci-surup, 110326

          ✍️ 𝖊đ•čđ•»đ–Š ✍️

          [^__^]  [^__^]










Komentar

Postingan populer dari blog ini

JÊRITAN NGISOR KRÊTÊG

BÊBÊNDU

SWÅRÅ LÊMBAH KANG SÊPI -kagagas lan kaangĂȘn-