SAKA DODOLAN KRUPUK TEKAN NGIBERI DIRGANTARA *crita panjurung*

   kapacak uga ing https://www.facebook.com/share/p/1AezH6AkaA/

Masa Allah..... cecampahan wong-wong malah ndadekake mletike penjurung pambudidayan!


Mataun-taun suwene, Andini Dyah A ngrewangi bapa-biyunge dodolan krupuk nedya supaya bisa tetep sekolah. Udan, panas lan rekasa wus dadi akrab. Urip prasaja ora dadekake isin, malah saka dodolan krupuk nyelengi ngimpi -ya ngimpi dhuwur sadhuwure langit niyat ingsun mlebu Akademi Militer Udara.


Sawuse lulus SMA Andini nekad daptar TNI AU nadyan akeh sing nyecampah, maoni lan nyulayani, maido utawa ngremehake. "Anak bakul cilik-cilikan arep dadi perwira TNI AU? Apa bisa nandhingi lumawan anak pejabat?", ngono kira-kira poyokan kerep keprungu. Ananging Andini ora males nganggo tetembungan, dheweke males mawa sregep nyambut gawe! 👍


Pendhak esuk dheweke nglelantih ulah raga datan kenal wigih. Saben bengi nggethu nyinaoni bahan pangayakan ujian. Kaping pira bae dheweke meh nglokro merga waragad lan adoh dununge. Nanging saben pengin mandheg gojag-gajeg, Andini ketok-ketoken gegambaran rekasane dodolan krupuk bapa-biyunge sing ora tau sesambat.


Kocapa, dina iku kang diarep-arep prapta....🎇

Jenenge digiyarake lulus pangayaken lan nduweni hak lumebu pawiyatan lan gegladhen calon perwira. Sajroning pendhidhikan, dheweke dikenal disiplin, patuh pantang mundur. 

Wusanane...., Andini resmi nyandhang pangkat Letnan Dua AU 🎖 -sawijining gelar sing lair seka tetesan eluh, kringet, pandonga lan dawa napaki pangudidayane-.


Samasa kepyakan wisudhan ndadekake wektu sing nrenyuhake ning gawe bagya lan mongkog ing nala bapa-biyunge, Andini jenggirat mlayu gapyuk ing rangkulan wong tuwane. 

Pecah tangise sang biyung kinasih sing biyene nyurung grobak krupuk urut kampung. Sang bapa, Slamet Suharto, ora kewawa nahan trenyuh lan mongkog, ora ngira anak dodolan krupuk saiki ngadeg jejeg minangka Perwira Angkatan Udara sajajar karo perwira-perwira taruna mudha liyane. Sang bapa bola-bali ngaras pipine Andini sing pancen sulistya ing rupa uga sulistya luhur bebudene.👌

Welinge prasaja, "nDhuk anakku, Aja lali mring asal-usulmu, tetepa andhap asor lan mujia sokur konjuk Gusti Allah sing paring nugraha iki."


Ing samengko, Andini kepengin 'kisah' / crita pambudidayan iki minangka pesen/weling tumraping anak-anak saka kulawarga kurang ekonomine / miskin / prasaja ing saindhenging nuswantara NKRI :

✨️ Dhasaring turunan kurang ekonomine dudu pepalang

✨️ Upaya mempeng ora tau nyelaki asile

✨️ Ora ana ngimpi sing kedhuwuren tumrap sapa bae kang sudira/ kendel ing pambudidaya. Gayuha ngimpi/cita-cita sadhuwur-dhuwure langit.

Amarga..., kadhang kita diwaoni, diremehake ora mlebu petungan dina iki, ananging eling sing luwih maremake dhewe ya ing dina mbesuke anggayuh kang sinedya!

Gusti tansah amberkahi.... 

🙏 Aa_aamin A__aamin 🙏


sumber :

Kadudud lan nyuwun idi tumut ambage mawi basa Jawa saking seratan ing https://www.facebook.com/share/p/1ESUxfRvSQ/ ..-->(trima kasih sdr. Ahmad Tatang Dilo, unggahan bagus👍 mhn ijin menyalin & membagikannya dlm bhs Jawa)


JM, bangun enjing, 020326

          ✍️ 𝖊đ•čđ•»đ–Š ✍️

          [^__^]  [^__^]


Komentar

Postingan populer dari blog ini

JÊRITAN NGISOR KRÊTÊG

BÊBÊNDU

SWÅRÅ LÊMBAH KANG SÊPI -kagagas lan kaangĂȘn-