SAKA KRINGET MANCAL PEDHAL BECAK NGANTI TEKAN ANYIPTA BECAK LISTRIK
kapacak uga ing https://www.facebook.com/share/p/187e1UfPKh/
Kacarita, Doni 31 taun, tukang becak ing Malioboro Ngayogyakarta.
Pendhak esuk jam 06.00, Doni wus nyurung becake metu seka gang ciut ing tlatah Mantrijeron.
Bapake 74 taun, ibune 69 taun, sakloron wus rekasa lumaku adoh merga nandhang lelera athik-athikan (sendi) dhengkul...(osteoarthritis)
Pengasilane Doni mancal pedhal becak entek kanggo wragad usada wong tuwane, lan keperluan urip saben dinane.
Doni tau ditawani nyambut gawe ing Jakarta dadi sopir ekspedisi, ajeg gajine lan luwih dhuwur katandhing UMR.
Nanging Doni wangsulane tansah panggah, "Yen aku lunga, sapa mengkone sing njaga lan ngopeni bapak-ibuku?"
Kanca-kancane uga sering sembranan memoyok, "Uripmu ora bakal maju yen mung narik becak!"
Doni mung mesem kecut. Wus lumrah lan ora mempan nampa pepoyok sarta karemehake kaya mangkono iku.
Wayah awan-awan jam setengah loro, Malioboro panas gemamplang, aspal dalanan kemepul, para plancong wira-wiri.
Ana sawijining kenya Jepang sajak kebingungan maca peta ing hp-ne.
Doni nyedhaki, nawani klawan sopan, "Mbak, badhe muter-muter keliling Yogya. Mangga nitih becak, kula dherekaken.."đ«Ž
Kenya Jepang iku jenenge Aiko ±29 taun mesem. Nginep ing hotel cedhak Tugu. Lagi nganakake paneliten lan surpe saperangan ngenggon pusat budaya kanggo kapreluan proyek perusahaan kulawargane ing Asia Tenggara.
Dina iku Doni kelakon ngeterake Aiko muter-muter Kraton, Tamansari nganti sore tekan ing Alun-alun Kidul.
Nalika Aiko takon, "Kenapa ora nyambut gawe ing kutha gedhe?"
Ora nganggo drama-dramanan, rayu-rayunan mung obrolan apa anane bab kulawargane, si Doni aweh wangsulan. "Wong tuwaku luwih penting tinimbang kutha gedhe!", wangsulane Doni tanpa digawe-gawe.
Wangsulan iku andadekake Aiko meneng cukup sawetara suwe.
Dina candhake, Aiko metu saka hotel nggoleki Doni. Ora merga kok becake sing apik dhewe, nanging dheweke ngrasake aman, tentrem lan rumangsa diajeni.
Seminggu, rong minggu......,
saben metu hotel, Aiko tansah clingukan nggoleki Doni.
Tukang-tukang becak liyane wiwit nggojĂšgi, "Wah Doni oleh 'sponsor' Jepang!" Doni mung mesem ngguyu.
Datan kinira, sore-sore ujuk-ujuk udan deres.
Doni mayungi Aiko nganggo mantol udan plastik lawas tilase sing dienggo dhewe ... nganti sandhangane dhewe teles kebes "Asiikkk..." đđ« ngono kira-kira aloke kanca-kanca tukang becak liyane.
Aiko meruhi tangane Doni sing kasar, nuli carane Doni tetep mesem nadyan kadhemen. Aiko wiwit kesengsem.đ
Kocapa, ana owah-owahan swasana.
Sadurunge Aiko arep bali nyang Jepang, Aiko pamitan swarane geter karo prembik-prembik sumedhot rasaning ati. Dheweke ora njanjeni apa-apa, mung njaluk ijol-ijolan nomer telpon kanggo sarana sesambungan.
Nganti pirang-pirang sasi suwene, Aiko lan Doni tetep sesambungan telpon, pideo-nan, nuntakake rasa kangen. Kadhang pedhot sinyale... heemm.. witing tresna jalaran kulina saya ngrembaka. đ„°đ
Sabanjure iku Doni lagi nyumurupi apa sing sabenere.
Aiko sejatine dudu salumrahe plancong. Aiko jebulane Dirut (CEO) turun kapindho sawijine perusahaan teknologi transportasi ramah lingkungan ing Osaka Jepang. Perusahaane lagi nggedhekake lan nyampurnakake sistem kendharaan mikro ramah lingkungan kutha-kutha wisata Asia. Aiko menyang Ngayogja kapreluan paneliten. Lan salah siji kang dadi panjurung kawigatene yaiku becake Doni. đș
Wusanane Doni ditawani Aiko pindhah menyang Jepang mboyong kulawargane, bapak-ibune arep diwragadi usadane nganti mari.
Doni diangkat minangka Kepala Divisi Transport ramah lingkungan klawan ngrancang lan anyipta BETRIK -becak listrik- kang luwih nyaman lan aman.
Suwening-suwe Aiko kayungyun kasmaran marang Doni. Wusanane crita, sakloron resmi ningkah urip bagya lan wulan madu nunggang BETRIK cipta-riptane Doni.
đ✍️
Heemmm.... ngono kira-kira becak nggawa berkah lan kabagyan kasmaran. đđ€š
S3, awan dhrandhang, 19326
✍️ đđčđ»đ ✍️
[^__^] [^__^]
Komentar
Posting Komentar