RAPOT, ANGKANE 9 ANA TELU
kapacak uga ing https://www.facebook.com/share/p/1HdZG2BzhQ/
Sentot : "Pak, sêkmbèn nèk pas prèèn kulå tumbasne sêpedha nggih."
Bapake : "Iyå, Le. Ning, rapotmu sêkolah kudu ånå ångkåne 9 lho yå. Têlu wae rapåpå, ora usah kabèh."
Sentot : "Sêndikå, Pak!" 👏
Sarampunge tåmpå rapot,
Sentot : "Pak, rapot kulå èntên ångkå 9-ne têlu. Sêpedhane pun ditumbasne dèrèng, Pak?"
Bapake : "Waowww hebat!👍👍..., Nah, yåiku sing jênênge anake Bapak. Pintêr sêkolahe. Iku sêpedhane wis tak tukoknå. Rapotmu êndi?"
Sentot : "Kulå dèkèk tên ndhuwur TV, Pak."
Pas Sentot mangkat dolan nganggo sêpedhane anyar, Bapake Sentot njur mriksa rapote Sentot.
Isi Rapote :
Matematika = 3
IPA = 4
Penjas = 4
IPS = 4
Bahasa Indonesia = 3
Bahasa Daerah (Jawa) = 5
Sakit = 9
Izin = 9
Alpa = 9
"Hahh??. bocah ki kok mbêling têmên kih.. dhasar bocah gêmblung, ra kênå diuntung??!", grundêlane Bapake Sentot rumangsa kapusan dening anake.
"Wèlèh wèlèhh.... Sentot Sentottt!!" 🫡🤗
"Hehe heheee...." karo cengengesan🤣🤪 Sentot mlayu ndhelik nang pawon. 🥱
JM, parak esuk, 10326
✍️ 𝖊𝕹𝕻𝖊 ✍️
[^__^] [^__^]
Komentar
Posting Komentar