Postingan

Menampilkan postingan dari 2021

GUMANTOSING WULAN & WARSA

Gambar
   kapacak ugi ing  https://fb.watch/aeXxkxOEY4/ Gumantosing wulan lan warsa sung panjanging umur kita.., sayogya sengkud makarya, mrih kraharjan kulawarga. Gumantosing wulan lan warsa imbuhing kabegjan samya.., tan wonten pageblug nyata, mung gesang sarwa mulya. Gumantosing wulan lan warsa kathah ing pangarsa-arsa.., gesang ing padatan enggal, tan kendhat berkahing Sang Hyang Wisesa. JM, mengkering warsa 2021            dening eNPe jarwa ing basa Indonesia :  Bergantinya bulan dan tahun, menjadikan panjang umur kita.., semoga sungguh berkarya demi kesejahteraan keluwarga. Bergantinya bulan dan tahun, menjadikan tambahan kebahagiaan kita.., benar2 tdk ada pandemi, hanyalah hidup serba mulia sukacita. Bergantinya bulan dan tahun, banyak penuh pengharapan.., hidup dalam kebiasaan baru, tak berhenti berkat karunia Tuhan Yang Maha Kuasa.

ABYORE SANG RADITYA

Gambar
    kapacak uga ing  https://www.facebook.com/1684548218490975/posts/3155152118097237/    Sore-sore abyore sang raditya amadhangi ing brang kulon nabastala.., kanthi panyuwun mugya cahyaning bagaskara tansah madhangi arcapada.., sinedyaku iki kang bakal dumadi sesuk ing lembar anyar anepaki warsa rolikur.., pra titah anambut amecaki dalan kebak sukarena lan puji sokur. Mungkasi warsa kang kebak duhkita.., sumilire samirana dhesember adhem rumesep ing nala.., payo samya sung pepuji mring Gusti nyadhong Sih kadarman urip mulya.., karumentahna mring saliring umat manungsa, kaleburna, kasingkirna sakabehing memala. JM, sandyakala, 311221         dening eNPe     jarwane ing basa Indonesia : Sore hari sorotnya matahari menerangi langit di belahan barat.., dengan permohonan semoga cahaya nya matahari selalu menerangi dunia.., harapan cita2ku ini kan terjadi hari esok menjalani dalam lembaran baru tahun duapuluh dua.., semua umat menyambut ...

TOPENG KAURIPAN

Gambar
   kapacak uga ing  https://www.facebook.com/1684548218490975/posts/3154003354878780/ Sing jenenge beksan (jejogetan) topeng iku manganggo topeng wus dadi piranti nalika ngepyakake beksan. Para pamiyarsa ora bisa weruh gegambaran praenane kang mbeksa kejaba amung nyawang gambar ing topeng iku. Si pambeksa pancen ora mitontonake raine jalaran ya pancen topeng wus dadi piranti utama ing beksan topeng. Mangkono uga kita, tanpa kita ngrumangsani uga manganggo topeng kanggo nutupi urip kita sabenere. Saliring pepenginan kadonyan kadurakan kayata hawa nepsu, tamak, drengki, kabencian lan apa bae nggulet dhiri manungsa nganti wusanane adoh saka Gusti Allah. Ing wektu samengko iki samangsa isih ana ing ngalam donya, prayoga urip ing kabecikan, wicaksana, sarwa ngibadah ana ing dalan kabeneraning Gusti, sarta tumindak kabecikan murakabi kanggo wong akeh.   Ing jaman saiki, topeng kerohanian isih durung wutuh panganggone dening umat pracaya kagungane Gusti. Katone saka nj...

URIP INGAMPINGAN KARO ALAM - MADYAPADA

   kapacak uga ing  https://www.facebook.com/1684548218490975/posts/3152436468368802/ Samya kauningan/kasumurupan dene manungsa gawe owah-owahan alam jagad raya (madyapada, marcapada). Akehing owah-owahan ing marcapada iki mujudake tetumpukaning ewonan taun kapungkur. Rumangsa utawa ora manungsa wus njalari owah-owahane mangsa. Owah-owahan mangsa kang ora kapetung lumrah jalaran tinandukake manungsa kang ora wicak tumekane rusaking alam (bencana). Manungsa sengkud rame-rame ngedhuk sumber rejeki madyapada klawan alesan kabutuhan pangan, datan metungake lestarining jagad raya. Jeritan arcapada katitik andlidire ing bencana  nanging manungsa tan mingket ing karsa. Eling! alam marcapada ripta-ciptaning Gusti Kang Ma' Wisesam wus minangka wajibing kita ngudidaya angrukti temah lestarine madyapada sinedya kamakmurane anak turun kita yogya caos sokur konjuk Gusti mungguhing sinung nugraha. JM, sandyakala, 271221         dening eNPe   jarwane basa I...

GEBYARING CAHYA BENGKAS KALIMENGAN

   kapacak uga ing  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=3150609171884865&id=1684548218490975 Gebyaring cahya bengkas kalimengan Arcapada serem gumregut ing panglimengan sumunar semu endah mawarni angantu sumunar Sih-katresnane Gusti. Sang Panjer-Esuk agawe pepedhangku aywa lena, sumoroting madhangi dunungmu mungguhing antuk tentrem rahayu manggya karahayon salaminya estu. Aywa kwatir tumuju lurung kang peteng sumorot cahya sinung tentrem tuwin urip langgeng salaminya jroning pamengkune Sang Pamarta. Sugeng ngayubagya NATAL 🌲 Gusti amberkahi 🙏🙏 JM, pajar-sidik, 251221         dening eNPe   Jarwane basa Indonesia : Cah'ya cerlang mengusir tertutup kelam, dunia seram gelap mencekam, warna membias dalam keindahan, mendambakan sinar kasih-Mu Tuhan. BintangTimur bersinar kita pun terang, jangan lengah terangi keberadaanmu, demi sejahtera hati berseri, peroleh keselamatan abadi. Janganlah gentar, ke lorong yang gelap, sinarnya memb'ri keda...

NATAL WUS PRAPTA

   kapacak uga ing  https://fb.watch/a5Q9dkBVk6/ Donya kadhemen gumregut kaku.. tentrem kang sanyata datan tinemu.. Pageblug anrajang nggegirisi estu.. dugeng samangkya datan kandheg mangu. Lamun Sabdaning Gusti kang dumadi.. Sih katresnanNya rumesep jroning ati.. Pra titah ngagungken Asmane Gusti.. saindhenging jagad raya salumahing bumi. Pra umat sinayogyani sinung pawarta sukarena.. salir kang winartan, kaeraman samya.. awit kababaring kabegjan mring jagad warata.. jejering Sang Pamarta wus prapta. Mendah Agung Sih katresnanNya.. tentrem rahayu kang pinanggya.. kang sinayogyanan antaraning umat manungsa.. sinung basuki kababar mring kita.       🌟🌲  *Sugeng NATAL* 🌲🌟 JM, dalu suci, 251221       dening eNPe        *NATAL TELAH TIBA* Dunia menggigil sangat kedinginan.. kedamaian sesungguhnya tak kunjung.. pandemi menghantam sungguh mengerikan.. sampai sekarang terus tak hentinya. Bila Firman Allah yang terjadi.. c...

Sang anak WURAGIL NUGRAHA KANG ENDAH DHEWE #crita_nyata

   kapacak uga ing  https://www.facebook.com/1684548218490975/posts/3148817988730650/ Aku sawijining purna-bekten kantor Walikota. Umurku ngancik 62 taun saiki gumantung ing kursi rodha jalaran sawijining lelara. Sisihanku tilar donya nalika wiwitan aku mlebu purna-bekti. Anakku 4 cacahe, sing 3 uripe mulya kejaba anakku wuragil sing uripe suwalike katandhing karo sadulur tuwa liyane. Si wuragil praenane nandhang kurang sampurna tumandang gawene ora cundhuk karo umure. Sanadyan mangkono anak wuragilku duwe pribadi kang mulya seneng aweh pitulungan, atine kadya emas salaka. Anak-anakku tetelune ya kakang-kakangne si wuragil wetonan ITB, loro-lorone oleh bea siswa menyang Amerika, sing siji Jerman. Tetelune uripe sarwa kacukupan lan wus duwe usaha dhewe-dhewe. Kocapa sawuse sisihanku kapundhut, aku urip mung wong loro karo anakku wuragil. Pendhak esuk dheweke ngangkat aku nyang jedhing saperlu adus, ngrewangi nganggo sandhangan, sawuse rampung ngangkat maneh ing kursi rodha...

PANGADILANE GUSTI ALLAH BAKAL KATANDUKAKE

   kapacak uga ing  https://www.facebook.com/1684548218490975/posts/3147734088839040/ Gusti Allah iku adil lan mengku pangadilan-E minangka wewaton sanyata. Dene Paukumane Gusti iku sejatine nglironi, mulane nyawa kudu dilironi nyawa, mripat dilironi mripat, untu dilironi untu, tangan dilironi tangan, sikil dilironi sikil.(Ul 19:21). Iku mratandhani dhawuhe Gusti supaya umat kang mblasar diadili lan diukum miturut lupute. Apa wewaton iku uga kudu dituhoni tumraping kita ing jaman saiki? Ya temtu, wewatone Gusti iku bakal katandukake / katamakake kapan bae ing salawase uripe manungsa bakal ngadhepi pangadilan-E. Gusti iku Gusti Kang Ma' Adil lan Ma' Wasesa. Denya Panjenengane Sang Hakim Agung kang mengkoni lan uga angaubi ngadili umat titah-E jalaran wus tumiba ing dosa.  Kita kudu ngupadi katentreman lan karahayon kanthi getir lan wedi-asih jalaran pangadilane Gusti bakal katandukake lan kita bakal wajib tanggung jawab apa kang dadi krenteging ati lan saliring tumind...

PAUKUMAN LAN PANGAKSAMA

   kapacak uga ing  https://www.facebook.com/1684548218490975/posts/3146290902316692/ Ana pasemon kang unine, "Nora ana kebul lamun nora ana agni", tegese, mokal bisa njalari tanpa jalaran. Paukuman kang tumama ing manungsa ora kok datan ana sabab-musababe. Gusti Allah netepake paukuman minangka pepeling dene jalarane awit umat-E ora satya mituhu marang Gusti kanthi tumekane pati minangka paukumane. Prayoga tansaha eling lan waspada dene nglakoni urip iku bisa njalari apa bae saka ing saben tumindak kita. Kita kudu bisa nyingkuri panyebab tumindak dosa krana ngupadi lan ngreksa urip mbangun turut karo dhawuh pangandikane Gusti. Aja nganti minangka manungsa, uripe amung mburu bandha donya numpuk kasugihan lan kalungguhan, tumindak dursila ngayahi urip mawa nyimpang adoh saka dhawuh karsane Gusti. Sajroning panguripan prelu kita pigatekake klawan satiti. Aja nganti migunakake karingkihan manungsa dadi cucul tanggung jawab mring apa kang kita tumindakake. Sanadyan ana panera...

IBA ENDAH ALAM CIPTA-RIPTANE GUSTI

  kapacak uga ing  https://www.facebook.com/1684548218490975/posts/3145483795730736/ Iba endah alam cipta-riptane Gusti tetanduran, sato kewan, iwak lan peksi ing nabastala, sasadara dalah kartika kang ngebaki samubarang tata surya samya memuji. Aywa ngantya para panlusup, neslepake sawernane barang haram. Dennya wus kapilut kaendahaning alam, dohna rasa srakah lan ala-paeka. Gusti Purbaning Gesang tansah angreksa winenga sumbering rejeki umat kagungan-Nya sadhengah sato kewan pangane kacukupan salumahing bumi dalah wit-witan siniraman. Karaharjan kita bisa ilang sirna, lamun kita ngelirake sabda-Nya. Mula klayan tumemena geter lan wedi, samya tansah panggah mituhu mring Gusti. JM, lingsir-wengi, 181221         dening eNPe     ing basa Indonesia : Sungguh indah alam ciptaan Tuhan hewan, burung, ikan, tumbuh-tumbuhan. Di angkasa raya, bintang dan bulan segenap tata surya memuji Tuhan. Jangan sampai para penyelundup menyelundupkan berbagai barang t...

KASEDYANE GUSTI IKU SARWA BECIK

    kaemot uga ing  https://www.facebook.com/ 1684548218490975/posts/3144151615863954/ Ora ana uwong kang seneng nampa kabar ala, saya maneh kabar paukuman. Ora ana lan ora bisa ndulu paedahe, sing bisa dirasakake ya amung urip sarwa kebak karusakan lan kasangsaran. Ya, adade uwong nyawang paukuman saka sisih susahe bae yaiku bisa andadekake kisruh uripe wusanane sarwa nguwatirake urip ing pepeteng. Kamangka sejatine paukuman bisa sinawang saka sisih liyane yaiku minangka pamelinge supaya uwong bisa winenga pikirane nyimpangi kaluputan candhake nuli sabanjure milih tumindak kang bener. Mangkono sejatine Gusti Allah jroning paring paukuman, Sih kadarpa-ne Gusti asipat langgeng datan bisa kaukur lan tetep nyata ing uriping manungsa. Paukumane Gusti nduweni pangajap dobel, ora amung netepake lan nibakake kasusahan umat-E, ananging uga kanggo melehake lan ngelingake uripe supaya tansah ana ing dalan kabeneran Gusti. Lamun kita samengko ngrasakake lagi ana ing paukumane Gusti,...

ANGSLUPE SANG DIWANGKARA #tuhu_prihatin

    kapacak uga ing  https://www.facebook.com/1684548218490975/posts/3142160409396408/ Samangsa angslupe sang diwangkara, aywa kuwur kelangan sumunare. Samya angruktia alam sutra, datan umyek yasa doracara. Sapa kang nora duwe rasa duhkita, alas gundhul kababad mesin blandhong. Angrusak alam pancen gampang, amung, kadidene nyedhaki puputing jaman. Aywa gumampang amung alesan pambangunan praja, njur nglirwake jati dhirine manungsa. Wajibing kita ngreksa alam saisinya murih murwating panguripan pra jalma. Payo!  pra mitra kadang samya sayuk-sayuk rukun bebarengan ro kancane. Sengkud ambangun asrining praja, kanggo mulyaning bangsa lan nagara. JM, candhik-kala, 131221        dening eNPe Jarwane ing basa Indonesia : Sewaktu matahari tenggelam jangan bingung kehilangan sinarnya. Semuanya mari jaga alam raya tanpa keributan dan kebohongan. Siapa yg tdk merasa sedih hutan gundul ditebas buldoser. Merusak alam memang gampang tapi itu seperti halnya mendek...

KABAGJANE WONG TUWA

    kapacak uga ing  https://www.facebook.com/1684548218490975/posts/3141104569501992/ Kabagjane wong tuwa, lamun nyawang putra wayah-ira, de samnya rukun manunggal bebudennya, Pepindhane pra among tani, ndulu taneman-ira samnya ngrebda, panenan-ira lir robing samodra, pindha bakul, laris manis dagangan-ira. Anak putu padha sabiyantu, atiku saiba bombong kalegan, yen bungah samya padha kasukan, lamun susah sinangga bebarengan. Uripe ayem tentrem, guyub-rukun, tan kendhat dennya ngaturke panuwun. JM, gagat-bangun, 121221          dening eNPe Jarwane ing bs Indonesia mangkene : Kebahagiaan orang tua, jika melihat anak cucunya, akhlak berbudi saling rukun menyatu dlm hidupnya. Bagaikan para petani, melihat tanamannya bertumbuh semakin banyak, panenannya bagai banjir samodra, seperti seorang penjual, laris manis dagangannya. Anak cucu guyub satu sama lain, hatiku benar2 bangga dan puas, jika senang saling bersuka ria, saat susah dipikul bersama. Hidup...

MITUHU KANTHI BENER

   kapacak uga ing  https://www.facebook.com/1684548218490975/posts/3139265589685890/ Lampu bang-jo (lampu stopan) umume ana telung (3) warna : abang,  kuning lan ijo. Abang tegese mandheg /stop, kuning tegese siap-siap / ati-ati, ijo tegese mlaku / maju. Kepriye jal yen ana juru mudhi nora nuruti pahokan dalan (rambu-rambu) kasebut? Bisa-bisa wira-wirine tetunggangan (lalu-lintas) dadi semrawut ora karuwan temekane bisa tumburan. Kita nggawa tetunggangan wira-wiri ing dalan ora amung mituhu/nurut marang pamarentah (ora merga wedi ana pulisi) nanging kang luwih baku lan penting nuhoni aturan pahokan dalan (rambu), iku kang sinebut MITUHU KANTHI BENER Ing pangetrapan kang luwih jembar, pamarentah gawe peraturan supaya warga masarakat urip kanthi tertib lan ngugemi aturan iku temah kanggo kabecikane masarakat iku dhewe yaiku tentrem ing urip bebarengan sabangsa. Akeh uga warga masarakat kang neka-neka sakarepe dhewe nyempal saka ing aturan mau iku kang njalari kisruhe ...

KACANG MANGSA NINGGALA LANJARAN

    kapacak uga ing  https://www.facebook.com/1684548218490975/posts/3138952426383873/ Ana pasemon kang ngemu surasa, Kacang mangsa ninggala lanjaran, bramacorah tetep tumindak doracara. Lanjaran mono dadya rambatan, kacang mrono mrambatnya. Werdine pemimpin dalah pangagenging praja, den samnya asung tuladha. Lamun pemimpin angumbar hawa-nepsu, pra pamong lan pangreh praja, tindaknya kleru, samnya nguja hardaning kanepson, rakyat tan temata nora darbe wengkon. Mula denya eling klawan waspada, kang mengku dadi pangrehing praja; wewatak satriya samya kaesthi; maju perang tanpa gaman, wedi wirang wani mati. JM, esuk kekes, 091221         dening eNPe Jarwane ing basa Indonesia kira2 mangkene : Sebuah peribahasa mengatakan.. Kacang tak akan meninggalkan rambatannya, penjahat tetep aja mengulang kejahatannya.. rambatan kan jadi tempat kacang merambatnya.. pemimpin hendaknya menjadi panutan yg baik. Jika pemimpin mengumbar hawa nafsunya.. para pamong dan peja...

HAYUNING BAWANA

    kapacak uga ing  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=3137454793200303&id=1684548218490975 Kairing lelagon kadya swara suling kasaput sumilir angin dhompole pring Sadhengah peksi pating jempalit ngawe-awe  ngoceh cemuwit nambah hayuning bawana rame Ing brang wetan sang surya katon eseme ambagya sumringahing alam dalah saisine  Pra jalma gegancangan sengkut ing pakarti ngupadi darmaning ngaurip peparinge Gusti Gumricik ilining tirta wening kali agawe tentrem rumesep ing ati Suka rena bocah-bocah samya nglangi pating clebung cecipratan warih kali JM, esuk kekes, 071221        dening eNPe

NGREKSA AMRIH LESTARINE ALAM

    kapacak uga ing  https://www.facebook.com/1684548218490975/posts/3137196156559500/    Pracaya iku dhasaring samubarang kang kita arep-arep sarta tetengering samubarang kang ora katon.      Marga saka pracaya kita sumurup, manawa alam jembar iki wus katitahake dening sabdane Gusti Allah, temahan samubarang kang kita sawang iku wus tumitah saka kang ora bisa kita deleng.    Samubarang kang ana ing ngalam donya iki katitahake Gusti Allah wus sampurna miturut apa kang dadi karsa-Ne. Mula wus samesthine kita manungsa kang katitahake luwih dhuwur drajade tinimbang titah liyane dening Gusti Allah 'ngreksa amrih lestarine alam' ora malah gawe rusaking alam.  JM, sirep-jalma, 061221          dening eNPe

URIP TENTREM ING PADESAN #pangangen

    kapacak uga ing  https://www.facebook.com/1684548218490975/posts/3136671239945325/ Esuk kekes hawa atis kumrecep ing balung sungsum. Gumregah kang Karyo aras-arasen kemulan sarung. Menyat tumuju pawon gegenen sinambi udut. Mak jranthal saka pojokan jedhing tikus mrambat tumuju wuwungan. Kang Karyo nuli nyangking pacul nyengkelit arit. Karo bukak lawang bengok pamit bojone, "mbokne aku menyang tegalan dhisik ya!" "O iya kang ngati-ati ya, bagea-slamet kang!", wangsulane bojone. Ing mburi gubuge ana tegalan sepuluh dhepa ambane.  Kang Karyo dhukir-dhukir lemah gegaman pacul entuk tela pendhem lan bodin. Sesuketan dibabati lan dijabuti nganti resik ing galeng-galengane. Sawuse iku kang Karyo menyat menyang omahe pak lurah saprelu ngangon kebone. Cacahe kebo papat digiring menyang blumbangan pinggir desa nuli diguyang. Rame swarane manuk prenjak ngoceh sesautan sajak bagekake tekane kang Karyo klawan sukarena.  Kebo-kebone banjur dieculke saba ing plataran pingg...

PANDONGA KANGGE KESARASAN INGKANG NEMBE NANDHANG SAKIT #mligi_conto_sapala

   kapacak ugi ing  https://www.facebook.com/1684548218490975/posts/3136412416637874/ Nyuwun idinipun, sumangga kita ndongakaken kangge kesarasan bpk/ibu  ...xxx : Dhuh Gusti Kang Amengku Gesang, kepareng kawula marek ing ayunan Paduka. Nyuwunaken kadang kawula kinasih (bp/ibu ...xxxx) ingkang nembe nandhang sakit ngaso ing patileman, Gusti kepareng nepak lan ngusapaken Sih-asta lan kuwaos Paduka. Kaparingana pepadhanging cahya lan rahmating kawilujengan Paduka mring kadang kawula punika. Sageda ngraosaken iba Agungipun pitulungan ingkang pinangkanipun saking pangrengkuh Paduka. Mekatena ugi ngraosaken rawuhipun lan kekiyataning Paduka saha awit namung saking Sih-katresnan Paduka piyambak ingkang dumados nyaranani kasarasanipun. Keparenga ugi mugya jiwa lan raganipun sageda ngraosaken rumeseping Asta Paduka, sinung pepadhang, kayekten, kasarasan, katentreman lan karahayoning Paduka. Kepareng kawula nyuwunaken  kapundhut sesakitipun murih sageda pinanggih kasaras...

SAMUBARANG SARWA BECIK

   kapacak uga ing  https://www.facebook.com/1684548218490975/posts/3135946176684498/ Sakawit wus pinesthi dening Gusti uripku ing asta-Ne dipeperti Wus rinipta-cipta dening Gusti rancangan kang endah wus pinesthi urip ing jaman mengko kebak  pengarepan sayekti. Samubarang sarwa becik apa kang kinaryaake Gusti jroning uripku samubarang katon becik uripku karipta Gusti piguna estu. Rancangan lan panetepan-Ne bener banget tan kinira Karsa-Ne sabab saliring kang kaesthi saking lan dening Gusti mring kamulyaning Panjenengane ing salawas-lawase. JM, gagat bangun, 051221          dening eNPe ----->> Dari semula t'lah Tuhan tetapkan hidupku dalam tangan-Nya dalam rencana Tuhan. Rencana indah t'lah Tuhan tetapkan bagi masa depanku yang penuh harapan. S'mua baik, s'mua baik apa yang t'lah Tuhan perbuat di dalam hidupku. S'mua baik, terlihat baik; Tuhan jadikan hidupku berguna dan berarti. Rancangan dan keputusan-Nya sungguh tak dapat dipahami ke...

SOLAH-BAWA MANUNGSA #renungan

   kapacak uga ing  https://www.facebook.com/1684548218490975/posts/3135185203427262/ Percaya apa ora, sejatine samubarang ing ngalam donya iki winengku dening Pangeran Gusti Kang Maha Wisesa, klebu prahara, prakampa (bencana) alam lan urip matine manungsa. Yen ta solah-bawa lan watak sipate manungsa kadunungan welas asih duwe bebuden kautaman, prahara lan sawernane prakampa bisa luwih akur karo uriping manungsa.  Solah-bawa lan atine manungsa ing jaman saiki ora prasaja apa anane kaya wong kuna, sangsaya srakah ngemenake butuhe dhewe ora maelu mring sapepadha, gumunggung, mburu bandha donya ngluwihi anggone muji sokur marang Sang Pangripta, mulane iku prakampa, prahara werna-werna dumadi ing ngendi-endi ing salumahing bumi. Klebu pagebluk sing ora katon nanging nyata anane ngancam uriping manungsa. Coba digagas, Covid-19 bisa kanthi rikat anyebar ing salumahing bumi, durung nganti lerem, eee... ditemokake jinis anyar miturut kojahe warta ing TV luwih mbebayani. Pray...

KLERU ANRESNANI

   kapacak uga ing  https://www.facebook.com/1684548218490975/posts/3132890013656781/ Ing satengahing kita mbokmenawa ana kang nate nyumurupi utawa malah nglakoni apa kang sinebut kleru anresnani. Ing wektu samengko ora sethithik uriping manungsa kabetheng ana ing kahanan kleru anresnani. Atine manungsa kang kleru anggone nresnani yaiku nresnani awake dhewe lan bandha kasugihan. Pratelane mangkene, manungsa uripe amung ngemenake mburu palenggahan (jabatan), mburu bandha donya, golek pakurmatan lsp kang sarwa tumindak minger saka ing paugeran, ya paugerane manungsa luwih-luwih paugerane Gusti Allah. Tuladhane kayata, nampa besel saka palenggahane, ngroda-peksa ing ngasanes, nyenyolong lsp. Manungsa iku cipta-riptaning Gusti kang katitahake nduweni sih katresnan kang sumbere saka Gusti Allah piyambak. Ananging jalaran saka bujukane iblis manungsa kejlomprong ing tumindak dosa. Mula mangkono, awit wus padha salah anresnani mau, manungsa sangsaya adoh saka sang sumber katresn...

MANUNGSA AMUNG WINATES

   kapacak uga ing  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=3132463820366067&id=1684548218490975 Rahayu wong kang ana ing laku kautaman bagea tentrem rahayu sinung kabegjan dalane kayekten kang tansah den udi samubarang kang dumadi iku asale saka Sang Hyang Widi. Lelakone urip kadya ing cakrawala pinenthang, ambane datan bisa sinedya amung kang wus dadi kersaning Gusti, iku kang bakal dumadi manungsa amung winates anggone ngrancang lan ngupadi. JM, sandyakala, 301121           dening eNPe Berbahagialah orang yg ada dijalan kebenaran kan beroleh keselamatan dan kabahagiaan jalan kebenaran yg selalu diupayakan semua yg terjadi berasal dari Tuhan Allah Sang Pencipta. Jalannya kehidupan bagaikan terbentangnya cakrawala, lebar serta tak bisa dijangkau hanyalah apa yg sudah menjadi kehendakNya, itu yg akan terjadi manusia hanya terbatas didalam merencanakan dan berupaya.

WEKTU WEWENGAN KAPINDHO

   kapacak uga ing  https://www.facebook.com/1684548218490975/posts/3130982213847561/ Kahanan kang diangen-angen tumraping wong kang lagi nemoni kaluputan yaiku ana wektu wewengan (winengakake ing wektu) kapindho supaya kepriye bisa ngowahi dadi apik kaluputane mau. Ananging emane bab iku ora gampang tinemu awit wanci wewengan iku ora tansah dumadi ing kapindhone. Temahane banjur dadi keduwung lan gela jroning atine. Lelakone urip iki pasemone kadya sawijine tetandhingan. Pamenange dudu sapa sing dhisik dhewe tekan ing garis pungkasan, ananging sejatine sapa sing bisa mungkasi tandhing iku kanthi apik lan bener. Tegese kang luwih jero anggone nglakoni klawan becik lan bener saben wektu wewengan kang kaparingake dening Gusti Allah, iku kang baku lan bisa laku sedyatama saturut karo dhawuhe Gusti. Uriping manungsa iku amung mampir ngombe, ewasamono jroning wektu kang sumadya, Gusti paring wektu wewengan (winengakake ing wektu) kanggo mratobat mawa tumindak kabecikan tuwin p...

SUMUNGKEM #gurit-pangatag

   kaunggah uga ing  https://www.facebook.com/1684548218490975/posts/3130616967217419/ He sagung pra pangwasa sumungkema sung pepuja Kamulyan lan panggunggung mring Pangeran Ma’ Agung Tumungkula sakehing nama marang Asmane Kang Ma’ Kwasa Pra pamong padha sujuda ing ayunane Kang Ma’ Mulya Swarane Kang Ma’ Wisesa agawe geter jagad wrata Nanging umate Allah padha sujud lan bungah Allah kang angereh bayu angereh ombaking nepsu Karsa sinung saking swarga amengku marang umat-Nya         JM, esuk-kekes, 281121          dening eNPe

TUMINDAK KABECIKAN #tuladha

   kaunggah uga ing  https://www.facebook.com/1684548218490975/posts/3129053057373810/ Ing satengahing giyaran amal dening PMI ana wanita kanthi tulus eklas nedya melu misungsungake getih (donor darah).  Sawuse misungsungake getihe wanita iku banjur mulih nunggang bis. Sajroning lakune, dheweke ngrasakake awake kurang sehat, greges-greges gliyengan banget sirahe nganti semaput ing jero bis. Lha ya wong-wong sing padha nunggang bis dadi umyek ngrewangi biyantu klebu sopir bis enggal ngenggokake bis-e tumuju menyang RS sing cedhak. Krana kedadean iku, barang-barang klebu dhuwite si wanita iku pating besasik kececer tekan ngendi-endi. Ewasamono kahanan iku ora gawe panunggang bis liyane tumindak kadurakan, kabeh gotong royong nglumpuke barang-barang lan dhuwit dibalekake ing tas-e si wanita iku tanpa kurang sethithika. Tumindak mulya kang tulus eklas dening wanita iku nuwuhake kabecikan bali mring dheweke awujud kabecikane sopir bis ngeterake menyang RS lan para penungg...

TUMINDAK KABECIKAN #guritpangangen

   kapacak uga ing  https://www.facebook.com/1684548218490975/posts/3126243764321406/ Tumindak kabecikan ngasilake eseman eseman ngolehake paseduluran paseduluran luwih becik tinimbang kasugihan Kosok baline... Lamun tandang tanduk kebak kabencian pikolehe methik dosa lan memungsuhan memungsuhan agawe bubrah tatanan Eling lan waspada para sedulur guyub rukun agawe rejeki sempulur negara kuwat sabangsa dadya makmur Ayo samya cancut tali-wanda bebarengan ambangun praja tumuju masarakat adil makmur kang sinedya JM, gagat bangun, 221121          dening eNPe

AMBAGE KLAWAN TULUS-EKLAS

   kapacak uga ing  https://www.facebook.com/1684548218490975/posts/3126138200998629/ Kocap kacarita ana sawijinine bapak anake ana 3 cacahe, lan raja-brana / bandha kasugihan sing diduweni *19 kebo.* Sang bapak nalika nyedhaki tilar donya, nedya ambage/andum warisan marang tetelu anak-anake mawa piweling layang wasiat unine : "1/2 kanggo anak mbarep,   1/4 kanggo anak nomer loro,   1/5 kanggo anak ragil." Kocapa sawuse sang bapak tilar donya, telu-telune si anak arep ngestokake dhawuh piwelinge bapake yaiku ambage kebo tinggalane bapake. Ananging, si anak-anak mau ngadhepi   - kerepotan angel lan nglengkara (mokal) - ???    petungane mengkene :   1/2 × 19 = 9,5 kebo   1/4 × 19 = 4,75 kebo   1/5 × 19 = 3,8 kebo iku ateges siji lan sijine anak entuk bagean kebo sing ora wutuh... piye jal apa ya kebo-ne arep dibeleh njur nembe dibage-bage? ya dadine nglengkara, mokal bisa dileksanani. Nah saben anak telu-telune ora ana sing gelem...

SAIBA SAGUNGING NIKMATNYA

   kapacak uga ing  https://www.facebook.com/1684548218490975/posts/3125484084397374/            Saiba sagunging nikmatnya lamun sadherek sabangsa budidaya guyub rukun samya Ing pundi dununging katresnan saestu tansah karumentahan berkahing Gusti lan kraharjan Kasokan Sihing Kang Ma' Wisesa sinung kayekten bagya mulya tuwin gesang salaminya     #gurit-andriya JM, gagatbangun, 211121          dening eNPe

SI KANCIL SUGIH AKAL #pituturbocahcilik

    kaunggah uga ing  https://www.facebook.com/1684548218490975/posts/3123902521222197/ Sawijining dina kancil bingung clingak-clinguk arep nyabrang kali saprelu golek pangan ing alas sabrang kali. Nanging kreteg sing biasane dianggo nyabrang ambrol ketrajang banjir. Sanalika si Kancil kewan sing sugih akal iku duwe angen-angen pengin njaluk tulung baya. Si Kancil nggoleki baya sing galak lan ganas, rada wedi-wedi dheweke nyedhaki sang Baya. Dumadakan sang Baya nyamber sikile si Kancil. Si Kancil njerit kaget, "Ya bayaa!.., tulunng aku aja kok pangan saiki!".. si Kancil nganyang. Sang Baya mandheg olehe nyakot si Kancil, ujare, "Kena apa Cil? aku wis luwe banget kih tur kowe katone enak banget" "Wenehana aku wektu sawetara jam meneh ya kanggo nglemoke awakku supaya dagingku luwih akeh ben kowe bisa luwih wareg mengkone", panjaluke si Kancil marang sang Baya. "Ora!, kowe mesthi arep nggathaki aku ya..  ben bisa mlayu", tampike sang Baya. Si Kancil...

WUS GINARIS #pangangendriya

     kapacak uga ing  https://www.facebook.com/1684548218490975/posts/3122955934650189/ Manungsa kadya musapir ing ngalam donya lakuning urip datan tetep kang sinedya nadyan dak luru kalungguhan lan bandha donya nora kaconggah anggonku anjangka Aku yakin urip datan mayar jinangka lakuning samubarang panguripan kandheg samangsa ana mangsane rekasa ana mangsane bagya mulya kabeh wus ginaris, cumawis samangsa-mangsa Aywa gumampang nglokro ing arsa udi kanthi temen apa kang dadya pangarepira diklawan manteping driya nyadhong sinung berkahing Gusti Kang Ma' Kwasa JM, sirepjalma, 171121         dening eNPe

DALANING PENGAREP-AREPAN #guritciptarasa

   kapacak uga ing  https://www.facebook.com/1684548218490975/posts/3120947888184327/ Limenging mendhung angemuliku dalan kebak eri lan ndhakik sestu  nanging dak sawang ing ngarepku negriku endah ngegla memencut lakuku datan ana waspa lan pamuhun ing kalbu dak sabrangi kali panguripan tumujweng nagri tentrem rahayu.  Aku iki musapir kabur kanginan lumaku kamomotan kebak duhkitaning urip Ing nagri kang dak tuju datan ana reribet amung pasrawungan sarwa rukun rahayu kang bakal dak temoni mitra kadang sinarawedi paseduluran sarwa rukun rinengkuh dening Gusti. JM, parak esuk, 151121         dening eNPe

WEKTU TAMBAHAN

Gambar
   kaunggah uga ing  https://www.facebook.com/1684548218490975/posts/3119964244949358/ Sajroning tandhing bal-balan, wus lumrah ana sesebutan wektu tambahan (injury time, Ingg.) sawuse 45 menit wektu resmi rampung saputeran main. Ditambahi wektu iku marga ana sawetara menit kebuwang kanggo ngopeni sing kelaran utawa 'wasit' ngladeni panyaruwene pemain.  Nadyan wektu tambahan ora luwih saka 5 menit, para pemain aja nganti lena jalaran amung piranga menit bae bisa oleh tambahan ngleboke bal ing gawang mungsuh (gol) utawa suwalike gawange dhewe bisa klebon. Iya kadya mangkono prayoga tumraping kita duwe rasa begja lan bagya jroning nglakoni urip wektu-wektu iki. Samangsa donya isih muter lan isih ana napase panguripan, kita isih diparingi wewengan wektu kanggo mratobat lan ngowahi kaluputan-kaluputan kita.  Ing jaman samengko wektu tambahan urip kaparingake dening Gusti kanggo ngowahi tumindak kabecikan dadi umat kang soleh lan solehah migunani mring sapepadha tema...

TUMEKANE NGUNDURI UMUR

   kapacak uga ing  https://www.facebook.com/1684548218490975/posts/3119094015036381/ Tumekane ngunduri umur ngantya mabluk rambutku Gustiku anjangkung lan ngreksa uripku. Nadyan ragaku sangsaya nora duwe daya tetep aku bagya kebak suka rena. Atiku tentrem, iman kapracayanku teguh pengarepanku ngrembaka lan kebak ing sih-katresnane Gusti. Tumekane ngunduri umur ngantya mabluk rambutku Gusti tansah setya mbopong uripku mendah lestari uripku ana ing Gusti salaminya. JM, sandyakala, 121121         dening eNPe

CIPTA-RIPTANING GUSTI

Gambar
  kapacak uga ing  https://www.facebook.com/1684548218490975/posts/3116468308632285/ Cecruwit manuk padha ngoceh mredu gladhen tembang esuk kang edhum hawane sesekaran sinedhot angganda arum iba agung cipta-riptaning Gusti ku Eseme bagaskara anambut pra jalma salumahing bantala ngare lan ara-ara  lamat-lamat mega putih kesaput birune akasa iba agung cipta-riptaning Sang Hyang Wisesa Satleraman sinawang biruning segara arga dalah gung liwang liwung wana wasa pinenthang ambaning cakrawala iba agung cipta-riptaning Gusti Sang Pangripta jagat raya JM, gagat-bangun, 91121          dening eNPe

TULADHA SARANANE BERKAH

    kapacak uga ing  https://www.facebook.com/1684548218490975/posts/3114977752114674/ Awan-awan nalika mlaku-mlaku ing pinggiran kutha karo kanca, aku weruh ana wong lanang tuwa sandhangane amoh nawakake sayuran, nanging sayurane wus katon garing lan alum rada semu kuning uga sawetara bolong-bolong tilas dipangan ama kewan.  Kancaku datan ngomong apa-apa mborong tuku telung unting.  Wong tuwa sing dodolan iku ujar, "Sayuran niki tanduran kula piyambak, boten jawah sawetawis dangu ngantos sayuran-sayuran wiwit semu jene, gela sanget kula.... matur nuwun sampun ditumbasi." Sinambi nerusake mlaku, aku takon, "Apa sayuran iku ing ngomah arep kok pangan?". Wangsulane kancaku, "Lha ya ora ta ya, sayuran iki wus ora bisa dipangan" "Banjur kena apa kok tuku??", pitakonku. "Merga sayuran iku ora bakal ana sing gelem tuku. Yen ora dak tuku, wong tuwa mau ora bakal oleh pangasilan ing dina iki", ujare kancaku kalem. Iba gumun banget aku karo kabe...

PASUWITAN SANG MENTERI MRING RATUNE

   kapacak uga ing  https://www.facebook.com/1684548218490975/posts/3113954965550286/ Kacarita sawijining Ratu ngingu 10 macan ganas kanggo ngukum sapa bae kang duwe kaluputan. Yen sang Ratu muntap nesu, wong kang salah dijebloske ing kandhang bakal diodhet-odhet siyunge macan-macan ganas iku. Ing sawijining dina salah sijine Menteri gawe panetepan kleru kang kaanggep salah. Sang Ratu sanalika muntap kanepsone, nitahake supaya sang Menteri dilebokake ing kandhang macan ganas kasebut. Sang Menteri ngudidaya nyuwun ngapura : "Paduka Ratu, kawula sampun nyuwita/ngabdi Paduka 10 taun dangunipun, punapa inggih Paduka negakaken paring paukuman makaten? Minangka pasuwitan kawula ingkang sampun sadangunipun punika, keparenga kawula namung nyadhong lan nyuwun wekdal 10 dinten malih kemawon kangge nyawisaken lan ngleremaken manah kawula." Sang Ratu nuli angabulake. Enggal-enggalan sang Menteri tumuju menyang kandhang macan kasebut nuli njaluk idi marang tukang jaga kandhang saperlu...

LUMANTARING MUKJIJAT

  kaunggah uga ing  https://www.facebook.com/1684548218490975/posts/3113443465601436/ Ing sawijining kantor duwe padatan ngadani acara mapagake Taun Anyar mawa bage-bage rejeki srana pilihan (memper kocokan arisan). Dene tatacara katemtokake : - saben pegawe urun Rp100 ewu, nganti bisa kaklumpukake Rp 30 yuta seka 300 pegawe. Sing sapa begja bakal oleh kabeh dhuwit mau. - saben pegawe kudu nulis jeneng siji bae ing kertas digulung njur dilebokake ing kothak pilihan kang bakal dikocok. Ana sawijine pegawe nom-noman gojag-gajeg nulisake jeneng, ing jroning ati miturut dheweke wong kang pantes nampa kabekjan mau yaiku 'Ibu tukang reresik kantor' sing anake wektu samengko lagi nandhang lara bocor jantung, nanging ora duwe wragad kanggo bayar operasine. Senadyan dheweke ngerti lamun jeneng kang katulis ing kertase mung duwe kabegjan kapilih 1/300, ewa semono si pegawe nom2an iku tetep nulis jenenge ibu tukang reresik kantor. Ing dina kang wus katemtokake, ing kantor rame banget pad...

AJA KUWATIR

   kapacak uga ing  https://www.facebook.com/1684548218490975/posts/3107524689526647/ Aja kuwatir ngandharake kabeneran aja amung meneng lamun ana kang ora bares Tumindak kajujuran kang den udi iku kang utama lan pinuji   Aja wedi ngakoni kaluputan aja ngupadi mbenerake awake dhewe Terus lumakua ing dalan kabeneran wigati klayan tulusing driya   Aja kuwur lan sumelang ujar "ora!" lamun ndika dibujuk ing pamblithukan Aja kapencut pambujukan tumindak ala kudu wani nampik upaya murang tatanan JM, lingsir wengi, 281021         dening eNPe

ISIH ANA KÊLONGGARAN WÊKTU

   kapacak uga ing  https://www.facebook.com/1684548218490975/posts/3106861596259623/ Lamun bocah kang jêjêring anak gawe kaluputan, wong tuwane datan kêndhat bola-bali alok lan ora bosên tansah ngelikake lan ngelingake wujud katrêsnane wong tuwa marang putrane. Kadya mangkono Gusti Allah wus bola-bali uga paring pangemut mring umat abdi-Ne nedya bali ing dalan kang bênêr supaya ora kêdlarung-dlarung ngambah dalan kang mlèncèng, ewasêmono umat-E ora malah lêmpêng mlakune nanging sangsaya mblubud / ora duwe ering ing tumindak dosa. Kita prihatin dene pêndhak dina akèh warta-warta ing tv lan medsos tumindak kang mblasar saka paugêran, panyiksan, pangancaman, pamêrêsan mring sapêpadha lan liya-liyane pawarta kang kurang tata. Sênadyan mangkono, Gusti Allah Kang Ma' Trêsna tansah sinung nugraha paring kêlonggaran wêktu kanggo mratobat, klawan maneka warna wujud pacoban urip manungsa supaya kita mêlèk ing pangrasaning pambudi. Uga ora kurang pangemut liwat Pangandikane Gusti i...

PESEN SAKA WAKIL RAKYAT

   kaunggah uga ing  https://www.facebook.com/1684548218490975/posts/3103067096639073/ Pesen iki ditumekaake menyang rakyat Indonesia ing ngendi bae dununge, jalaran akeh pawarta kang sumebar tansah mojokake para Wakil Rakyat, prelu kawuningana dene aku minangka Wakil Rakyat, sejatine wus netepi dharma kuwajiban kang diamanahake kanthi becik jroning nyulihi (makili) rakyat Indonesia, awujud : 1. Rakyat butuh sugih, wus dak wakili/sulihi 2. Rakyat butuh montor mewah, wus dak wakili 3. Rakyat butuh omah mewah, wus dak sulihi 4. Rakyat kepingin gaji gedhe, wus dak sulihi 5. Rakyat kepingin plesir menyang manca negara, wus dak sulihi  6. Rakyat nedya duwe bojo 3, wus dak sulihi Dadine kabeh mau wus dak wakili / sulihi..! ✋ mulane minangka Wakil Rakyat sing dak jaluk supaya rakyat Indonesia tetep sidhem ora perlu ribut meri lan tetepa ngayahi wajibe dhewe-dhewe.       Matur nuwun,            kaecap      *Wakil Ra...

PRACAYA DHIRI

    kapacak uga ing  https://www.facebook.com/1684548218490975/posts/3094374897508293/ Pracaya mring awake dhewe ateges ngandel lan ngandhelake awake dhewe (Pracaya Dhiri) iku apik-apik bae, nanging praca dhiri kaluwih-luwih iku ora prayoga. Pracaya Dhiri tinalesan bisa nampa apa anane kang tinampa ing awake dhewe lan rasa sokur apa kang Gusti paringake, iku kang becik. Dene Pracaya Dhiri kang kaluwih-kaluwih iku linandhesan duwe rasa Adigang, Adigung, Adiguna yaiku rumangsa dhug-dheng ngagul-agulake mring kakuwatane, kaluhurane lan kapinterane dhewe.  Sapa wonge kang duwe rasa pracaya dhiri tetep gelem lan ngajeni sarta wicaksana nampa pamerdine wong liya iku kang prayoga, dene kang kaluwih-kaluwih anggone pracaya dhiri bakal nampik ing pamerdi iku kang prelu disingkuri. Sing sapa (kaluwih-luwih) ngendelake atine dhewe kuwi wong tanpa budi, nanging sing lakune kalawan kawicaksanan oncat saka bilai. (Amsal 28:26) Dudu mung sing sugih bae, wong sing ora sugih uga bisa...