CIPTA-RIPTANING GUSTI
kapacak uga ing https://www.facebook.com/1684548218490975/posts/3116468308632285/
Cecruwit manuk padha ngoceh mredu
gladhen tembang esuk kang edhum
hawane sesekaran sinedhot angganda arum
iba agung cipta-riptaning Gusti ku
Eseme bagaskara anambut pra jalma
salumahing bantala ngare lan ara-ara
lamat-lamat mega putih kesaput birune akasa
iba agung cipta-riptaning Sang Hyang Wisesa
Satleraman sinawang biruning segara
arga dalah gung liwang liwung wana wasa
pinenthang ambaning cakrawala
iba agung cipta-riptaning Gusti Sang Pangripta jagat raya
JM, gagat-bangun, 91121
dening eNPe
Komentar
Posting Komentar