AMBAGE KLAWAN TULUS-EKLAS
kapacak uga ing https://www.facebook.com/1684548218490975/posts/3126138200998629/
Kocap kacarita ana sawijinine bapak anake ana 3 cacahe, lan raja-brana / bandha kasugihan sing diduweni *19 kebo.*
Sang bapak nalika nyedhaki tilar donya, nedya ambage/andum warisan marang tetelu anak-anake mawa piweling layang wasiat unine :
"1/2 kanggo anak mbarep,
1/4 kanggo anak nomer loro,
1/5 kanggo anak ragil."
Kocapa sawuse sang bapak tilar donya, telu-telune si anak arep ngestokake dhawuh piwelinge bapake yaiku ambage kebo tinggalane bapake.
Ananging, si anak-anak mau ngadhepi
- kerepotan angel lan nglengkara (mokal) - ???
petungane mengkene :
1/2 × 19 = 9,5 kebo
1/4 × 19 = 4,75 kebo
1/5 × 19 = 3,8 kebo
iku ateges siji lan sijine anak entuk bagean kebo sing ora wutuh... piye jal apa ya kebo-ne arep dibeleh njur nembe dibage-bage? ya dadine nglengkara, mokal bisa dileksanani.
Nah saben anak telu-telune ora ana sing gelem ngalah, padha dene karepe entuk-entukane bagean wutuh seka warisan kebo sing cacahe ganjil mung 19 kebo. Mulane rame padha udreg-udregan nganti tukar padu.
Kocapa, tukar padu bocah telu sasedulur iku kaprungu dening tanggane sawijine bapak-bapak sing klebu mlarat uripe amung duwe ingon-ingon kebo siji.
Banget olehe prihatin, si bapak miskin iki sidane nemoni bocah telu mau,
lan
nyaguhi klawan tulus eklas masrahake kebo-ne sing amung siji-sijia iku,
kanthi pangajap
saben anak tetelune iku bisa entuk bagean kebo wutuh awit cacahe dadi
19 + 1 = 20 kebo.
Wah.., tetelune anak mau bungah banget!
Lan enggalan ambage kebo-ne manut etungan sakawit yaiku :
anak mbarep 1/2 x 20 = 10 kebo
anak nmr loro 1/4 x 20 = 5 kebo
anak ragil 1/5 x 20 = 4 kebo
iku ateges saben anak entuk kebo wutuh gunggunge dadi 10 + 5 + 4 = 19 kebo...
lha dalah... AJAIB ta ya ?? 👍👍
Wusanane kebo-ne turah siji (1) banjur dibalekake menyang bapak miskin kang wicaksana iku.
Percayaa, lamun menehi klawan eklasing nala bisa njalari minangka pitulungan ngrampungake / ngudhari kerepotan angele liyan.
Pranyata ORA KELANGAN sawiji apa, malah nDADEKAKE PIGUNA tumraping sapepadha, ya awit Gusti Allah piyambak kang paring nugraha marang sing sapa tulus lan eklas ambage mring liyan.
Kadya ing crita iki, senadyan sabenere si bapak miskin iku ora ngarepake kebo-ne bali, amarga dheweke yekti eklas dadi bagean anggone ngrampungake sawijine prakara sing nemoni dalan buntu....!!
Eliding tuladha,
ambage klawan eklas iku bisa ateges ora nyuda bandha donya sethithika bae...
Sumangga..!! 👍🙏
Gusti amberkahi 🙏
JM, lingsir wengi, 221121
dening eNPe
Jarwane ing bs Ind. mangkene :
Alkisah ada seorang ayah yang mempunyai 3 orang anak dgn harta sebanyak : 🐃 "19 Ekor Kerbau" 🐃
Ketika mendekati ajalnya, sang Ayah membagikan warisan kepada ke tiga anaknya dengan membuat surat wasiat dengan pesan :
"1/2 utk Anak Pertama,
1/4 utk Anak Kedua,
1/5 utk Anak Ketiga."
👨👱🏻👩
Setelah sang ayah meninggal dunia. 😇
Ketiga anaknya membagikan kerbau sesuai pesan ayah mereka.
Tapi mereka menemukan
~ kesulitan 🤔
~ dan keganjilan 🤗
1/2 x 19 = 9,5 ekor
1/4 x 19 = 4,75 ekor
1/5 x 19 = 3,8 ekor
itu berati bahwa mereka masing2 akan mendapatkan bagian kerbau yang tidak utuh 🐃
namun masing2 anak TIDAK MAU mengalah 😡
semua berusaha mendapatkan bagian secara utuh 😟
😖😖😖
karena harta peninggalan sang ayah berjumlah 19 ekor kerbau mereka menemui jalan buntu shg terjadi pertengkaran.
Kabar tentang pertengkaran mereka terdengar oleh seorang bapak miskin yang hanya mempunyai 1 ekor kerbau.
Karena prihatin dengan hal tersebut, akhirnya sang bapak menemui mereka,
dan
*bersedia dengan ikhlas* memberikan kerbaunya 👍
dengan harapan
supaya masing2 anak mendapat bagian yang utuh,
sehingga jumlah kerbau menjadi 19+1=20 ekor
Anak2 itu setuju 😀👍👍
dan mereka mulai membagi :
Anak pertama mendapat : *1/2 x 20 = 10 ekor.*
🐃🐃🐃🐃🐃🐃🐃🐃🐃🐃
Anak yang kedua mendapat bagian : *1/4 x 20 = 5 ekor.*
🐃🐃🐃🐃🐃
Anak yang ketiga mendapat bagian :
*1/5 x 20 = 4 ekor.*
🐃🐃🐃🐃
Demikianlah masing2 anak mendapatkan bagian yang utuh.
Namun totalnya ternyata 10+5+4=19 ekor
AJAIB KAN ?
😇
Sehingga tersisa 1 ekor dan akhirnya diberikan kembali pada bapak miskin yang bijak tadi.
_Percayalah jika memberi dengan ikhlas untuk menjadi bagian dari solusi, ternyata TIDAK KEHILANGAN sesuatu apapun, malah MEMBER MANFAAT bagi sesama karena Allah-lah yang akan menggantikan semua itu._
_Seperti dalam kasus ini walaupun *sebenarnya sang bapak yang miskin tidak mengharap kerbaunya kembali,* karena ia telah ikhlas menjadi bagian dari solusi itu ...............!!!_
PESAN MORAL :
_*Memberi, tidak berarti akan mengurangi harta walau sepeserpun.*_
Selamat rehat, Tuhan senantiasa menyertai kita semua, Amin.🙏
Komentar
Posting Komentar