LUMANTARING MUKJIJAT

  kaunggah uga ing https://www.facebook.com/1684548218490975/posts/3113443465601436/

Ing sawijining kantor duwe padatan ngadani acara mapagake Taun Anyar mawa bage-bage rejeki srana pilihan (memper kocokan arisan).


Dene tatacara katemtokake :

- saben pegawe urun Rp100 ewu, nganti bisa kaklumpukake Rp 30 yuta seka 300 pegawe. Sing sapa begja bakal oleh kabeh dhuwit mau.

- saben pegawe kudu nulis jeneng siji bae ing kertas digulung njur dilebokake ing kothak pilihan kang bakal dikocok.


Ana sawijine pegawe nom-noman gojag-gajeg nulisake jeneng, ing jroning ati miturut dheweke wong kang pantes nampa kabekjan mau yaiku 'Ibu tukang reresik kantor' sing anake wektu samengko lagi nandhang lara bocor jantung, nanging ora duwe wragad kanggo bayar operasine.

Senadyan dheweke ngerti lamun jeneng kang katulis ing kertase mung duwe kabegjan kapilih 1/300, ewa semono si pegawe nom2an iku tetep nulis jenenge ibu tukang reresik kantor.


Ing dina kang wus katemtokake, ing kantor rame banget padha pengin ngerti kira-kira sapa kang bakal oleh kabegjan.

Pimpinan kantor alon-alon ngocok kothak pilihan. Sang pegawe nom2an mau karo ndedonga muga-muga sing metu jenenge Ibu tukang reresik kantor. Sang pimpinan banjur njupuk siji gulungan kertas, dibukak lan diwaca karo mbengok seru, "Ibu tukang reresik kantor!". 

Sanalika keprungu surak-surak para pegawe, "Hore!.. horee!!..."

Katon ibu tukang reresik kantor maju lan sujud sokur karo ujar, "Puji sokur, aku nampa berkah kabegjan lan Muji sokur Gusti.... anak kawula saged anggadhahi pengajeng-ajengan gesang mantun saking nandhang sesakit!... Amin !"


Ing satengahing padha suka rena, sang pegawe nom-noman iku mikir 'mukjijat' kang nembe kedadean, karo nyedhaki kothak pilihan dheweke njupuk gulungan kertas ing kothak dibukak tinulis 'Ibu tukang reresik kantor', njupuk meneh sing katulis jenenge ibu tukang reresik kantor, mangkono sateruse uga padha bae nadyan tulisane tangan beda-beda.

Si pegawe nom2an iku mripate kaca-kaca, panggraitane sumilak dene ing donya iki pancen bener-bener nduweni 'Mukjijat', nanging mukjijat iku ora kok tiba saka langit, kita bisa dadi 'Lumantaring mukjijat iku' tumraping sapepadha kita.

Iya kadya kabeh pegawe ing kantor iku kaosikake atine nedya bisa tetulung mring Ibu tukang reresik kantor iku.


Eliding crita kang bisa kapethik, Apa kita wus nyaranani lumantaring mukjijat tumraping wong-wong ing sacedhaking kita, apa tumindak kita wus andadekake berkah kanggone wong liya..??


Sumangga 👍 

Gusti Allah amberkahi... Amin 🙏


JM,  madya ratri, 41121

        dening eNPe


Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

🎶 ISIH DUWE WÊKTU 🎶 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 𝕲. 𝕬𝖉𝖊

KEDUWUNG TANSAH KASUMURUPAN SAWUSÉ KADADEAN