TULADHA SARANANE BERKAH
kapacak uga ing https://www.facebook.com/1684548218490975/posts/3114977752114674/
Awan-awan nalika mlaku-mlaku ing pinggiran kutha karo kanca, aku weruh ana wong lanang tuwa sandhangane amoh nawakake sayuran, nanging sayurane wus katon garing lan alum rada semu kuning uga sawetara bolong-bolong tilas dipangan ama kewan.
Kancaku datan ngomong apa-apa mborong tuku telung unting.
Wong tuwa sing dodolan iku ujar, "Sayuran niki tanduran kula piyambak, boten jawah sawetawis dangu ngantos sayuran-sayuran wiwit semu jene, gela sanget kula.... matur nuwun sampun ditumbasi."
Sinambi nerusake mlaku, aku takon, "Apa sayuran iku ing ngomah arep kok pangan?".
Wangsulane kancaku, "Lha ya ora ta ya, sayuran iki wus ora bisa dipangan"
"Banjur kena apa kok tuku??", pitakonku.
"Merga sayuran iku ora bakal ana sing gelem tuku. Yen ora dak tuku, wong tuwa mau ora bakal oleh pangasilan ing dina iki", ujare kancaku kalem.
Iba gumun banget aku karo kabecikan atine kancaku iki. Kadya kena pilut aku enggal bali nemoni wong tuwa mau saperlu nuku kabeh turahan sayurane.
Wong tuwa iku katon seneng sumringah, "Wahh.., sayuran kula kelarisan telas sedaya... matur nuwun sanget pak.." karo bola-bali ngambungi dhuwit sing ditampa.
Senadyan sayuran sing dak tuku ora bisa dipangan, aku bisa methik TULADHA kang migunani ....,
* Nalika kita ana ing kahanan papa sarwa kesusahan jroning urip, kang disuwun kepengin ana NUGRAHA, yaiku karumuntuhan Mukjijat.
* Ananging.., nalika kita duwe KASEMBADAN / KASUGIHAN, apa kita bisa lan saguh dadi Saranane Berkah lan Kanugrahan minangka lumantaring mukjijate kanggo wong-wong liyane...?
SUMANGGA! 👍🙏
Gusti Allah amberkahi... Amin 🙏
JM, lingsir wengi, 71121
dening eNPe
Komentar
Posting Komentar