WEKTU WEWENGAN KAPINDHO
kapacak uga ing https://www.facebook.com/1684548218490975/posts/3130982213847561/
Kahanan kang diangen-angen tumraping wong kang lagi nemoni kaluputan yaiku ana wektu wewengan (winengakake ing wektu) kapindho supaya kepriye bisa ngowahi dadi apik kaluputane mau. Ananging emane bab iku ora gampang tinemu awit wanci wewengan iku ora tansah dumadi ing kapindhone. Temahane banjur dadi keduwung lan gela jroning atine.
Lelakone urip iki pasemone kadya sawijine tetandhingan. Pamenange dudu sapa sing dhisik dhewe tekan ing garis pungkasan, ananging sejatine sapa sing bisa mungkasi tandhing iku kanthi apik lan bener. Tegese kang luwih jero anggone nglakoni klawan becik lan bener saben wektu wewengan kang kaparingake dening Gusti Allah, iku kang baku lan bisa laku sedyatama saturut karo dhawuhe Gusti.
Uriping manungsa iku amung mampir ngombe, ewasamono jroning wektu kang sumadya, Gusti paring wektu wewengan (winengakake ing wektu) kanggo mratobat mawa tumindak kabecikan tuwin peladenan marang Gusti lan sapepadha.
Kadhang wewengan iku mung tinemu sepisan mula prayoga enggal dipigunakake jalaran bisa bae gilirane arep tumindak wus kliwatan wektune. Aja nganti wusanane keduwung atine.
JM, wanci grimis, 281121
dening eNPe
Komentar
Posting Komentar