TUMINDAK KABECIKAN #guritpangangen
kapacak uga ing https://www.facebook.com/1684548218490975/posts/3126243764321406/
Tumindak kabecikan ngasilake eseman
eseman ngolehake paseduluran
paseduluran luwih becik tinimbang kasugihan
Kosok baline...
Lamun tandang tanduk kebak kabencian
pikolehe methik dosa lan memungsuhan
memungsuhan agawe bubrah tatanan
Eling lan waspada para sedulur
guyub rukun agawe rejeki sempulur
negara kuwat sabangsa dadya makmur
Ayo samya cancut tali-wanda
bebarengan ambangun praja
tumuju masarakat adil makmur kang sinedya
JM, gagat bangun, 221121
dening eNPe
Komentar
Posting Komentar