SUMUNGKEM #gurit-pangatag

   kaunggah uga ing https://www.facebook.com/1684548218490975/posts/3130616967217419/


He sagung pra pangwasa

sumungkema sung pepuja

Kamulyan lan panggunggung

mring Pangeran Ma’ Agung

Tumungkula sakehing nama

marang Asmane Kang Ma’ Kwasa

Pra pamong padha sujuda

ing ayunane Kang Ma’ Mulya


Swarane Kang Ma’ Wisesa

agawe geter jagad wrata

Nanging umate Allah

padha sujud lan bungah

Allah kang angereh bayu

angereh ombaking nepsu

Karsa sinung saking swarga

amengku marang umat-Nya

       

JM, esuk-kekes, 281121

         dening eNPe

Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

🎶 ISIH DUWE WÊKTU 🎶 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 𝕲. 𝕬𝖉𝖊

KEDUWUNG TANSAH KASUMURUPAN SAWUSÉ KADADEAN