DALANING PENGAREP-AREPAN #guritciptarasa

   kapacak uga ing https://www.facebook.com/1684548218490975/posts/3120947888184327/


Limenging mendhung angemuliku

dalan kebak eri lan ndhakik sestu 

nanging dak sawang ing ngarepku

negriku endah ngegla memencut lakuku

datan ana waspa lan pamuhun ing kalbu

dak sabrangi kali panguripan tumujweng nagri tentrem rahayu. 


Aku iki musapir kabur kanginan

lumaku kamomotan kebak duhkitaning urip

Ing nagri kang dak tuju datan ana reribet

amung pasrawungan sarwa rukun rahayu

kang bakal dak temoni mitra kadang sinarawedi

paseduluran sarwa rukun rinengkuh dening Gusti.


JM, parak esuk, 151121

        dening eNPe


Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

🎶 ISIH DUWE WÊKTU 🎶 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 𝕲. 𝕬𝖉𝖊

KEDUWUNG TANSAH KASUMURUPAN SAWUSÉ KADADEAN