SI KANCIL SUGIH AKAL #pituturbocahcilik
kaunggah uga ing https://www.facebook.com/1684548218490975/posts/3123902521222197/
Sawijining dina kancil bingung clingak-clinguk arep nyabrang kali saprelu golek pangan ing alas sabrang kali.
Nanging kreteg sing biasane dianggo nyabrang ambrol ketrajang banjir. Sanalika si Kancil kewan sing sugih akal iku duwe angen-angen pengin njaluk tulung baya.
Si Kancil nggoleki baya sing galak lan ganas, rada wedi-wedi dheweke nyedhaki sang Baya. Dumadakan sang Baya nyamber sikile si Kancil.
Si Kancil njerit kaget, "Ya bayaa!.., tulunng aku aja kok pangan saiki!".. si Kancil nganyang.
Sang Baya mandheg olehe nyakot si Kancil, ujare, "Kena apa Cil? aku wis luwe banget kih tur kowe katone enak banget"
"Wenehana aku wektu sawetara jam meneh ya kanggo nglemoke awakku supaya dagingku luwih akeh ben kowe bisa luwih wareg mengkone", panjaluke si Kancil marang sang Baya.
"Ora!, kowe mesthi arep nggathaki aku ya.. ben bisa mlayu", tampike sang Baya.
Si Kancil ora kurang akal nyauri, "Aku janji bayaaa.., kowe bisa ngundang kanca-kancamu uga kanggo mangan awakku iki. Mesthine awakku yen wis luwih lemu bisa dibage-bage karo kanca-kancamu. Mulane aku kudu golek pangan ing sabrang marga ing kene pakanku wis kari sethithik, aku ora bisa nglemoke awak... Ana pira ta cacahe kanca-kancamu?"
"Akeh banget!", ujare sang Baya.
"Yen ngono undangen kabeh lan jejer-jejera supaya aku bisa ngetung cacahe lan ngerti arep dibage pira awakku iki sawise aku lemu", bujuke si Kancil.
Sang Baya manut kena bujukane si Kancil, kanca-kancane diundang kabeh njur diakon jejer-jejer nganti sabrang kali.
Sawise kabeh baya kumpul lan jejer-jejer, si Kancil mlumpat ngidak gegere baya siji mbaka siji sinambi ngetung nganti tekan pinggir sabrang kali banjur mlayu sipat kuping ninggalke baya-baya mau kareben oncat saka cangkeme baya.
Baya-baya iku marga bodhone rumangsa kapusan diakali si Kancil. Dene si Kancil sing sugih akal enak-enakan bisa nyabrang lan slamet ora kecaplok baya.
hehe.. heheee... dhasar si Kancil senengane ngakali/nggathaki, pantes parabane sugih akal masiya julig ???
Pituture kanggo bocah :
Sugih akal ning aja seneng apus-apus, aja gawe kapitunane/ngrugeke wong liya, becike akale mau kanggo aweh pitulungan migunani kanggo wong akeh. 👍
JM, lingsirwengi, 191121
dening eNPe
jarwane ing bs Ind. kadudud saka sumber :
Si Kancil dan Kawanan Buaya
Kancil, merupakan binatang yang terkenal cerdik di hutan. Suatu hari, Kancil ingin menyebrangi sungai dan mencari makanan di daratan sebelah sungai.
Namun, ternyata jembatan yang biasa dipakai untuk menyebrang rusak terkena badai tadi malam. Kancil yang kebingungan tiba-tiba memiliki ide.
Ia mencari Pak Buaya yang terkenal galak dan kejam. Dengan takut-takut dia mendekati Pak Buaya. Tak disangka Pak Buaya yang melihat Kancil langsung menerkam kaki si Kancil.
Kancil berteriak kaget, "Pak Buayaa.... tolong jangan makan saya sekarang.... tolong"
Si Buaya berhenti mengigit si Kancil, katanya "Kenapa memangnya? Saya sangat lapar. Dan kamu terlihat enak sekali."
"Beri saya waktu beberapa jam untuk menggendutkan tubuh saya terlebih dahulu, supaya daging saya lebih banyak, dan Pak Buaya bisa lebih puas memakannya," mohon si Kancil pada Buaya.
"Tidak, kamu pasti mau menipuku dan melarikan diri," tolak Buaya.
"Saya berjanji pak, selagi saya membesarkan badan, bapak bisa panggil teman-teman yang lain juga untuk menyantap saya. Tentu tubuh saya akan semakin besar dan bisa dibagi-bagikan pada teman-teman bapak. Namun saya harus mencari makanan di seberang. Karena makanan di daerah sini sudah sangat sedikit, saya tidak bisa menggendut disini. Ada berapa banyak teman yang bapak punya?" tanya Kancil.
"Banyak sekali" ujar Buaya.
"Kalau begitu coba panggil semuanya dan minta mereka berjajar supaya saya bisa menghitungnya. Jadi saya tahu akan dibagi berapa badan saya, setelah saya gemuk nanti" kata Si Kancil lagi pada Buaya.
Buaya dengan polosnya menuruti Kancil dan memanggil semua temannya, dan memintanya berjajar supaya Kancil bisa menghitung.
Setelah semua berkumpul, dan berjajar, Kancil menaiki satu per satu buaya-buaya itu sambil menghitungnya.
Kancil terus menjajaki buaya hingga ke sebrang sungai, dan kemudian berlari secepat mungkin untuk menghindari kawanan buaya, sebelum ia menjadi santapan.
Buaya-buaya itu merasa sangat bodoh, dan menyadarinya jika mereka hanya ditipu dan diperdaya oleh Kancil. Sedangkan Kancil? Dia berhasil menyebrang dan tidak dijadikan santapan buaya-buaya itu.
Ref.
Komentar
Posting Komentar