WUS GINARIS #pangangendriya
kapacak uga ing https://www.facebook.com/1684548218490975/posts/3122955934650189/
Manungsa kadya musapir ing ngalam donya
lakuning urip datan tetep kang sinedya
nadyan dak luru kalungguhan lan bandha donya
nora kaconggah anggonku anjangka
Aku yakin urip datan mayar jinangka
lakuning samubarang panguripan kandheg samangsa
ana mangsane rekasa ana mangsane bagya mulya
kabeh wus ginaris, cumawis samangsa-mangsa
Aywa gumampang nglokro ing arsa
udi kanthi temen apa kang dadya pangarepira
diklawan manteping driya
nyadhong sinung berkahing Gusti Kang Ma' Kwasa
JM, sirepjalma, 171121
dening eNPe
Komentar
Posting Komentar