PASUWITAN SANG MENTERI MRING RATUNE
kapacak uga ing https://www.facebook.com/1684548218490975/posts/3113954965550286/
Kacarita sawijining Ratu ngingu 10 macan ganas kanggo ngukum sapa bae kang duwe kaluputan.
Yen sang Ratu muntap nesu, wong kang salah dijebloske ing kandhang bakal diodhet-odhet siyunge macan-macan ganas iku.
Ing sawijining dina salah sijine Menteri gawe panetepan kleru kang kaanggep salah. Sang Ratu sanalika muntap kanepsone, nitahake supaya sang Menteri dilebokake ing kandhang macan ganas kasebut.
Sang Menteri ngudidaya nyuwun ngapura : "Paduka Ratu, kawula sampun nyuwita/ngabdi Paduka 10 taun dangunipun, punapa inggih Paduka negakaken paring paukuman makaten? Minangka pasuwitan kawula ingkang sampun sadangunipun punika, keparenga kawula namung nyadhong lan nyuwun wekdal 10 dinten malih kemawon kangge nyawisaken lan ngleremaken manah kawula."
Sang Ratu nuli angabulake.
Enggal-enggalan sang Menteri tumuju menyang kandhang macan kasebut nuli njaluk idi marang tukang jaga kandhang saperlu nggenteni ngopeni macan-macan lan menehi mangan 10 dina lawase.
"Kagem punapa paduka Menteri?", pitakone tukang jaga kandhang gumun.
"Wis ta, sawise 10 dina meneh kowe bakal ngerti!", wangsulane sang Menteri.
Ya wiwit iku uga sang Menteri ngopeni klawan nyedhaki sinambi menehi pakan malah wusanane bisa ngedusi macan-macan mau 10 dina lawase temahan macan-macane padha lulut marang dheweke.
Tumeka wektune nibakake ukuman, sineksenan dening sang Ratu, sang Menteri kalebokake ing kandhang macan. Iba kagete sang Ratu nalika nyumurupi macan-macan sing ganas iku malah padha lulut nglunjak-nglunjak mring Menterine.
Mulane sang Ratu ndangu, "Apa kang wus katindakake Menteri marang macan-macan ganas iku?"
Ature sang Menteri, "Kawula sampun nyuwita dhateng macan-macan punika 10 dinten dangunipun, lan macan-macan punika boten ngesupenaken anggen kawula nggematosi."
Sanalika trenyuh lan luluh penggalihe sang Ratu, klawan netesake eluh banjur dhawuh supaya sang Menteri diluwari saka ing paukuman lan diapura kaluputane.
Para kadang sutresna PBJ, tuladha kang bisa kita pethik,
Prayogane kita ora gampang nyelaki & nglalekake kabecikan-kabecikane para mitra-kadang cedhak, sedulur-sinarawedi hamung marga kedadean kang kurang ngepenakake.
Aja gumampang ngilangi/mbusak pangangen endah lan paseduluran kang wus rinakit mataun-taun hamung marga bab-bab cilik/sepele sing kurang kita senengi ing wektu iki, becik sing sareh lan gedhe pangapura kita.
Eling, golek kanca lumrah iku luwih gampang tinimbang bisa entuk mitra-kadang lan sedulur raket, luwih-luwih gawe mungsuh iku luwih mayar meneh.
Donga kang becik dhewe kagem para mitra-kadang PBJ, mugya silaturahmi kita tetep lestari.
Nuwun..,
JM, sandyakala, 51121
dening eNPe
Komentar
Posting Komentar