TUMINDAK KABECIKAN #tuladha

   kaunggah uga ing https://www.facebook.com/1684548218490975/posts/3129053057373810/


Ing satengahing giyaran amal dening PMI ana wanita kanthi tulus eklas nedya melu misungsungake getih (donor darah). 

Sawuse misungsungake getihe wanita iku banjur mulih nunggang bis. Sajroning lakune, dheweke ngrasakake awake kurang sehat, greges-greges gliyengan banget sirahe nganti semaput ing jero bis.


Lha ya wong-wong sing padha nunggang bis dadi umyek ngrewangi biyantu klebu sopir bis enggal ngenggokake bis-e tumuju menyang RS sing cedhak.


Krana kedadean iku, barang-barang klebu dhuwite si wanita iku pating besasik kececer tekan ngendi-endi. Ewasamono kahanan iku ora gawe panunggang bis liyane tumindak kadurakan, kabeh gotong royong nglumpuke barang-barang lan dhuwit dibalekake ing tas-e si wanita iku tanpa kurang sethithika.


Tumindak mulya kang tulus eklas dening wanita iku nuwuhake kabecikan bali mring dheweke awujud kabecikane sopir bis ngeterake menyang RS lan para penunggang bis liyane mbaleke darbeke si wanita kanthi wutuh.


Gawe kabecikan marang sapepadha bakal nuwuhake kabecikan mring kita ing tembene nadyan ora kok tinampa mligi tuwuh sanalika.


Wus samesthine lamun saben manungsa tansah tumindak kabecikan. Kanthi padha nandukake kabecikan temtune pasrawungan urip ing donya iki bakal luwih becik lan sarwa temata.


Sumangga para kadang PBJ kinasih 👍

Gusti Allah amberkahi.... Amin 🙏


JM, madya-ratri, 251121

         dening eNPe

Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

🎶 ISIH DUWE WÊKTU 🎶 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 𝕲. 𝕬𝖉𝖊

KEDUWUNG TANSAH KASUMURUPAN SAWUSÉ KADADEAN