WEKTU TAMBAHAN

   kaunggah uga ing https://www.facebook.com/1684548218490975/posts/3119964244949358/

Sajroning tandhing bal-balan, wus lumrah ana sesebutan wektu tambahan (injury time, Ingg.) sawuse 45 menit wektu resmi rampung saputeran main. Ditambahi wektu iku marga ana sawetara menit kebuwang kanggo ngopeni sing kelaran utawa 'wasit' ngladeni panyaruwene pemain. 

Nadyan wektu tambahan ora luwih saka 5 menit, para pemain aja nganti lena jalaran amung piranga menit bae bisa oleh tambahan ngleboke bal ing gawang mungsuh (gol) utawa suwalike gawange dhewe bisa klebon.


Iya kadya mangkono prayoga tumraping kita duwe rasa begja lan bagya jroning nglakoni urip wektu-wektu iki. Samangsa donya isih muter lan isih ana napase panguripan, kita isih diparingi wewengan wektu kanggo mratobat lan ngowahi kaluputan-kaluputan kita. 

Ing jaman samengko wektu tambahan urip kaparingake dening Gusti kanggo ngowahi tumindak kabecikan dadi umat kang soleh lan solehah migunani mring sapepadha temahan saturut karo kersane Gusti Allah. Klawan pangarepan kang sabar lan tuhu kita terus angantu wekasan dinane Gusti rawuh, ya ing wektu iku Gusti angadili donya, sing sapa uripe ing dalan kabeneran miturut dhawuhe Gusti bakal sinung kawilujengan langgeng.


Mula mangkono, wektu iki aja nganti dilirwakake, aja lena malah agawe duraka nambahi dosa. Aja lena awit kita ora ngreti kapan dumadine pungkasane jaman. Aja lena supaya ing wekasan umur kita tetep setya lan ngugemi pangarepan sayekti marang Sih wilasane Gusti. Krana mangkono kita ora ngremehake wektu tambahan kang diparingake dening Gusti.


Sumangga!👍

Gusti amberkahi... Amin.. 🙏


JM, sirep-bocah, 131121

        dening eNPe



Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

🎶 ISIH DUWE WÊKTU 🎶 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 𝕲. 𝕬𝖉𝖊

KEDUWUNG TANSAH KASUMURUPAN SAWUSÉ KADADEAN