URIP INGAMPINGAN KARO ALAM - MADYAPADA

   kapacak uga ing https://www.facebook.com/1684548218490975/posts/3152436468368802/


Samya kauningan/kasumurupan dene manungsa gawe owah-owahan alam jagad raya (madyapada, marcapada).

Akehing owah-owahan ing marcapada iki mujudake tetumpukaning ewonan taun kapungkur.

Rumangsa utawa ora manungsa wus njalari owah-owahane mangsa.

Owah-owahan mangsa kang ora kapetung lumrah jalaran tinandukake manungsa kang ora wicak tumekane rusaking alam (bencana).


Manungsa sengkud rame-rame ngedhuk sumber rejeki madyapada klawan alesan kabutuhan pangan,

datan metungake lestarining jagad raya.

Jeritan arcapada katitik andlidire ing bencana 

nanging manungsa tan mingket ing karsa.


Eling! alam marcapada ripta-ciptaning Gusti Kang Ma' Wisesam

wus minangka wajibing kita ngudidaya angrukti temah lestarine madyapada

sinedya kamakmurane anak turun kita

yogya caos sokur konjuk Gusti mungguhing sinung nugraha.


JM, sandyakala, 271221

        dening eNPe


  jarwane basa Indonesia

HIDUP BERDAMPINGAN DG ALAM


Kita ketahui bersama bhw manusia membuat perubahan didunia ini

banyak perubahan atas alam ini mrpk akumulasi ribuan tahun lalu

disadari atau tdk manusia tlh membawa perubahan iklim

perubahan iklim yg tdk normal akibat ulah manusia yg tdk bijak


Manusia ber-lomba2 mengeruk kandungan bumi demi utk kebutuhan perut

tanpa memperdulikan kelestarian alam

jeritan alam ditandai bencana ber-tubi2

namun manusia masih tdk bergeming


Ingat, alam juga ciptaan Tuhan 

sdh seharusnya kita berkewajiban menjaga kelestariannya

demi utk mewariskan ke anak cucu

dan mensyukuri atas karuniaNya


Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

🎶 ISIH DUWE WÊKTU 🎶 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 𝕲. 𝕬𝖉𝖊

KEDUWUNG TANSAH KASUMURUPAN SAWUSÉ KADADEAN