Sang anak WURAGIL NUGRAHA KANG ENDAH DHEWE #crita_nyata

   kapacak uga ing https://www.facebook.com/1684548218490975/posts/3148817988730650/


Aku sawijining purna-bekten kantor Walikota. Umurku ngancik 62 taun saiki gumantung ing kursi rodha jalaran sawijining lelara. Sisihanku tilar donya nalika wiwitan aku mlebu purna-bekti. Anakku 4 cacahe, sing 3 uripe mulya kejaba anakku wuragil sing uripe suwalike katandhing karo sadulur tuwa liyane. Si wuragil praenane nandhang kurang sampurna tumandang gawene ora cundhuk karo umure. Sanadyan mangkono anak wuragilku duwe pribadi kang mulya seneng aweh pitulungan, atine kadya emas salaka.


Anak-anakku tetelune ya kakang-kakangne si wuragil wetonan ITB, loro-lorone oleh bea siswa menyang Amerika, sing siji Jerman. Tetelune uripe sarwa kacukupan lan wus duwe usaha dhewe-dhewe.


Kocapa sawuse sisihanku kapundhut, aku urip mung wong loro karo anakku wuragil. Pendhak esuk dheweke ngangkat aku nyang jedhing saperlu adus, ngrewangi nganggo sandhangan, sawuse rampung ngangkat maneh ing kursi rodha. Gawean kapreluan omah diayahi kabeh klebu masak karemanku. Pendhak esuk wuragilku nyurung kursi rodhaku mubeng-mubeng cedhak ngomah.


Jroning uripku sing sepi iki aku asring nangis nyumurupi anak wuragilku. Ora kok amarga cacad, nanging amarga aku keduwung rumangsa luput wus nyia-nyia nisihake dheweke saka kakang-kakangne. Aku ora bisa anglalekake kepriye anggonku tega-tegane ora nate ngajak preenan piknik bebarengan kakang-kakangne, ora tau ngajak kumpul acara kulawarga lan pepanggihan liyane karo kanca-kanca kantor. Malah uga ing foto-foto kulawarga ora tau ana bebarengan karo dheweke... Ohhh... iba aku jejering ibu minangka wong tuwa kang dursila mbeda-bedake sih katresnan mring anak-anakku kang ora bisa oleh biji kepara abang bijine. 


Wektu terus lumaku, wiwit anak-anakku padha omah-omah padha iwut dhewe-dhewe. Kabeh padha dene langka banget nelpun, mulih nginguk ngomah ibune mung kala-kala bae. Preenan taun kapungkur si mbarep mulih sakulawarga, ananging aku gumun lan sedhih banget ora mulih nang ngomah ibune .... eee lha malah nginep nang hotel. Kamangka aku lan si wuragil wus ngantu-antu tekane, masak rawon lan empal goreng karemane si mbarep. Nganti awan ora njedhul-jedhul tumekane sore uga durung teka, aku wus bala-bali nelpun ning ora diangkat.


Sawuse wetara jam 8 bengi si mbarep sing dak enteni jumedhul uga, nanging tanpa anak-anake lan bojone, mung celathu kanthi enthenge, "Para wayahipun ibu lan mantu sami kesayahen bibar muter-muter kitha lan samenika kepengin ngaso tilem."

Nalika dak kandhake yen rawon lan empal wus disedhiaake dening ibu lan adhimu wuragil, dheweke mangsuli entheng, "Sampun nedha tuwuk bu,' polatane kaku kae. Banjur dheweke bali maneh menyang hotel.

Ohhh... aku dheleg-dheleg nalangsa kenapa akeh owah-owahan sing mbiyen dak gadhang-gadhang dadi anak kang soleh, kenapa saiki beda banget patrap bektine mring wong tuwa? Dhuh Gusti nyuwun agunging pangaksama dosa kawula dalah anak-anak kawula.


Dhuh Gusti.... aku nangis ngguguk, anakku wuragil ndhodhok ing ngarepku karo nyekeli tanganku, "Ibu, sampun muwun bu, mangke ibu gerah lho..! Rawon lan empale kita mawon sing nedha. Dalem remen kok, ibu rak ugi kersa dhahar ta?", dheweke ngrangkulku sinambi ngelap eluhku karo tetep rangkulan.


"Dhuh Gusti, keparenga Paduka sinung pangaksama, kawula sampun nyia-nyia lan ngremehaken nugraha agung anak peparing Paduka ingkang manahipun kadya emas salaka. Nyuwun pangapunten sakathahing lepat lan dosa kawula pilih sih-katresnan dhateng titipan Paduka. Kepareng Paduka ngrumentahaken lubering pangaksama awit kawula sampun sia-sia lan anganggep peparing titipan Paduka boten wonten, malah ngegung-egungken kakang-kakangipun. Iba ina lan sekengipun kawula ing ngarsa Paduka sampun damel sekeling penggalih Paduka Gusti.... kepareng nyadhong agunging Sih-kadarmaning Paduka... Amin.."🙏


Crita iki iba bangeting nunjem jroning nala... lan ngewengakake pandulu kita dene asring kita nglirwakake peparinge Gusti kang miturut kita nganggep dudu kang becik dhewe tumrap kita. Ewadene Gusti Allah kagungan rancangan kanugrahan kang endah tumraping urip kita ing tembene sarwa kabekjan lan kabagyan kang tinampa.

Tansaha samya caos muji sokur mring saliring berkah kanugrahan kang kita tampi nadyan ageng alit, kathah sakedhik lan tansah nyuwun idinipun ngreksa samudaya peparingipun Gusti sageda murakabi dhateng tiyang kathah saha tundhonipun kagem kamulyan Asmaning Gusti Allah...


Sumangga para sutresna PBJ 👍

Gusti mugya tansah amberkahi! .. Amin Amin 🙏🙏


Pasugatan kang elok ing ♥️"HARI IBU" ♥️


JM, sandyakala, 221221

        dening eNPe


Jarwanipun basa Indonesia (kadudud saking grup WA) :


*Dia KaruniaMu Terindah*....


Aku seorang pensiunan pegawai Kantor Walikota. Usiaku sudah 63 tahun dan sekarang duduk di kursi roda karena suatu penyakit. Suamiku meninggal sewaktu aku memasuki masa pensiun. Anak2 kami ada 4 orang, semuanya berprestasi kecuali si bungsu kami. Dia, yang bungsu, menderita kelainan, wajahnya tidak sempurna dan kelakuannya tidak sesuai dengan umurnya. Tapi hatinya baik dan suka menolong. Ketiga anakku yang lain adalah sarjana ITB, 2 orang mendapat bea siswa ke Amerika dan Jerman dan sekarang ketiga2nya sudah punya perusahaan sendiri yang maju, dan hidup sangat berkecukupan.


Setelah suamiku meninggal aku tinggal berdua saja dengan si bungsu. Pagi2 dia mengangkatku ke kamar mandi, setelah itu mengangkatku lagi ke kursi roda. Dia membantuku berpakaian. Dia juga rajin memasak makanan kesukaanku. Tiap pagi dia membawaku dengan kursi rodaku keliling kompleks perumahan untuk menikmati matahari. 


Dalam hidupku yg sepi ini aku sering menangis kalau memandang wajah bungsuku. Bukan karena dia cacat, tapi karena kami selama ini telah menyia2kannya, menyisihkannya dari anak2ku yg lain. Aku tidak bisa melupakan bagaimana kami tidak pernah mengajaknya liburan bersama kakak2nya, tidak pernah mengikutkannya dalam acara keluarga atau kumpul2 dgn teman dan kerabat. Bahkan dalam foto keluargapun kami tidak mengikut sertakannya. Kami seakan hanya punya 3 anak. Aku juga tidak pernah lupa bagaimana bangganya kami dgn prestasi kakak2nya sejak mereka masuk sekolah TK sampai selesai kuliah. Semua orang kagum dan memuji mereka dan salut dengan cara kami mendidik mereka. 


Waktu berlalu, sejak anak2ku berkeluarga, mereka kelihatan sangat sibuk. Mereka jarang menelepon, pulang kerumah waktu liburanpun sekali2 saja. Liburan tahun lalu si sulung pulang sekeluarga. Tapi aku heran dan sedih, mereka tidak mau menginap di rumah kami, rumah tempat dia dibesarkan. Mereka lebih memilih di hotel, aku dan si bungsu sudah siap menunggu mereka dengan hidangan rawon dan empal daging kesukaan anakku. Sampai siang mereka belum muncul, kemudian berangsur sore mereka belum juga datang. Aku sudah berusaha beberapa kali menelepon, tetapi teleponnya tidak diangkat. Setelah jam 20.00 malam, si sulung yg kutunggu2 datang juga. Tapi tanpa anak2 dan istrinya. Katanya ringan, "mereka capek seharian pergi puter2 kota, dan sekarang ingin tidur". Waktu kukatakan kalau rawon dan empal sudah disediakan, dia menjawab, "sudah makan Ma, kenyang". Kemudian dia berbalik dan kembali ke hotel. Aku duduk terhenyak. Kenapa semuanya berubah begini? Dia kebanggaanku dari dulu kenapa sekarang jauh berbeda?...


Ya Allah, aku menangis ter-sedu2. Bungsuku berlutut di depanku sambil memegangi tanganku dan berkata: _*"Ma, jangan nangis, nanti Mama sakit. Empalnya kita aja yg makan. Aku suka kok, Mama juga suka kan?"..* Dia memelukku sembari menghapus air mataku.._. Kami berpelukan erat. 


_*Ampuni hamba ya Allah, telah menyia-nyiakan karunia terindahMu yg berhati emas ini. Ampuni hamba telah pilih kasih kepada titipanMu. Ampuni hamba telah me-nyia2kan kepercayaanMu yg telah menitipkan dia yg tidak sempurna ini. Ampuni hamba telah menganggapnya tidak ada. Ampuni hamba telah merasa malu menerima titipanMu ini ya Allah. Ampuni hamba telah sombong membangga2kan kakak2nya. Ya Allah, hamba orang yg hina... Ampuni hamba ya Allah...*_ 


_Kisah Ini Sangat Mengharukan... dan Membuat Kita Semakin Tersadar Bahwa Kadang Allah Memberikan Sesuatu Yg *Menurut kita bukan yg terbaik...*, Namun *Allah mempunyai satu rencana indah... Ternyata... itulah KARUNIA INDAH yg terbaik untuk kita... dan membuat kita bahagia....*_ 👍🌹 


_Semoga bermanfaat bagi diri kita atas semua pemberian Tuhan dg selalu bersyukur KpdNya...._


 ❤️ Hadiah terindah di Hari Ibu..bagus untuk di baca sebagai bentuk inspirasi untuk kita kita semuanya...Kisahnya sangat mengharukan..semoga bermanfaat Aamiin 🤲🙏👍

Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

🎶 ISIH DUWE WÊKTU 🎶 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 𝕲. 𝕬𝖉𝖊

KEDUWUNG TANSAH KASUMURUPAN SAWUSÉ KADADEAN