SOLAH-BAWA MANUNGSA #renungan
kapacak uga ing https://www.facebook.com/1684548218490975/posts/3135185203427262/
Percaya apa ora, sejatine samubarang ing ngalam donya iki winengku dening Pangeran Gusti Kang Maha Wisesa, klebu prahara, prakampa (bencana) alam lan urip matine manungsa.
Yen ta solah-bawa lan watak sipate manungsa kadunungan welas asih duwe bebuden kautaman, prahara lan sawernane prakampa bisa luwih akur karo uriping manungsa.
Solah-bawa lan atine manungsa ing jaman saiki ora prasaja apa anane kaya wong kuna, sangsaya srakah ngemenake butuhe dhewe ora maelu mring sapepadha, gumunggung, mburu bandha donya ngluwihi anggone muji sokur marang Sang Pangripta, mulane iku prakampa, prahara werna-werna dumadi ing ngendi-endi ing salumahing bumi. Klebu pagebluk sing ora katon nanging nyata anane ngancam uriping manungsa.
Coba digagas, Covid-19 bisa kanthi rikat anyebar ing salumahing bumi, durung nganti lerem, eee... ditemokake jinis anyar miturut kojahe warta ing TV luwih mbebayani. Prayoga umat manungsa padha bali ing panguripan kang akur karo alam, aja ngrusak kanthi alesan kanggo kemakmurane bangsa nanging ora njaga lestarine alam amung mburu kaperluane dhewe, tundhone banjir anrajang, gunung padha njeblug, lemah pereng padha longsor, paceklik ing sawetara negara, pralaga / paperangan antarane bangsa-bangsa lan golongan lsp.
Dhuh Gusti pinaringana emut lan samya mratobat wangsul dhateng margining kayekten saturut lan sumuyud kalihan dhawuh Paduka Gusti. Krana makaten Sih-tresna Paduka karumentahaken dhateng umat kagungan Paduka... Amin 🙏
Sumangga kadang kinasih PBJ 👍
Gusti amberkahi.... 🙏
JM, lingsir wengi, 041221
dening eNPe
Jarwane ing basa Indonesia bisa kapirsanan ing ⤵️
Percaya atau tidak, sebenarnya segala sesuatu di dunia ini diatur oleh Yang Kuasa, termasuk bencana, dan hidup matinya manusia.
Jika moralitas manusia terpuji maka bencana bisa lebih sedikit. Hati manusia zaman kini tidak lugu seperti orang kuno, semakin egois, semakin menyombongkan diri, pengejaran materi melebihi pemujaan dan rasa syukur terhadap Sang Pencipta, maka bencana semakin banyak. Hukuman ini tidak hanya berlaku di suatu tempat, tetapi juga di seluruh dunia.
Coba direnungkan, Covid-19 bisa dengan cepat menyebar keseluruh negri di dunia ini, eee.. belum sampai tuntas dibrantas muncul varian baru yg lebih ganas.
Mari belajar berkultivasi Sejati-Baik-Sabar prinsip tertinggi alam semesta.
Seyogyanya umat manusia kembali hidup berdamai dengan alam, jangan mengeksploitasi dgn alasan untuk kemakmuran bangsa tanpa menjaga kelestarian alam, hanya mengejar kepentingan sendiri yg akhirnya berakibat banjir di mana2, tanah longsor, gunung meletus, kelaparan melanda bbrp di dunia ini, peperangan antar bangsa dsb.
Komentar
Posting Komentar