NGREKSA AMRIH LESTARINE ALAM
kapacak uga ing https://www.facebook.com/1684548218490975/posts/3137196156559500/
Pracaya iku dhasaring samubarang kang kita arep-arep sarta tetengering samubarang kang ora katon.
Marga saka pracaya kita sumurup, manawa alam jembar iki wus katitahake dening sabdane Gusti Allah, temahan samubarang kang kita sawang iku wus tumitah saka kang ora bisa kita deleng.
Samubarang kang ana ing ngalam donya iki katitahake Gusti Allah wus sampurna miturut apa kang dadi karsa-Ne. Mula wus samesthine kita manungsa kang katitahake luwih dhuwur drajade tinimbang titah liyane dening Gusti Allah 'ngreksa amrih lestarine alam' ora malah gawe rusaking alam.
JM, sirep-jalma, 061221
dening eNPe
Komentar
Posting Komentar