PANDONGA KANGGE KESARASAN INGKANG NEMBE NANDHANG SAKIT #mligi_conto_sapala

   kapacak ugi ing https://www.facebook.com/1684548218490975/posts/3136412416637874/


Nyuwun idinipun, sumangga kita ndongakaken kangge kesarasan bpk/ibu  ...xxx :


Dhuh Gusti Kang Amengku Gesang, kepareng kawula marek ing ayunan Paduka.

Nyuwunaken kadang kawula kinasih (bp/ibu ...xxxx) ingkang nembe nandhang sakit ngaso ing patileman, Gusti kepareng nepak lan ngusapaken Sih-asta lan kuwaos Paduka.


Kaparingana pepadhanging cahya lan rahmating kawilujengan Paduka mring kadang kawula punika.

Sageda ngraosaken iba Agungipun pitulungan ingkang pinangkanipun saking pangrengkuh Paduka. Mekatena ugi ngraosaken rawuhipun lan kekiyataning Paduka saha awit namung saking Sih-katresnan Paduka piyambak ingkang dumados nyaranani kasarasanipun.


Keparenga ugi mugya jiwa lan raganipun sageda ngraosaken rumeseping Asta Paduka, sinung pepadhang, kayekten, kasarasan, katentreman lan karahayoning Paduka.


Kepareng kawula nyuwunaken  kapundhut sesakitipun murih sageda pinanggih kasarasan tumrap raganipun. Kepareng ngrumentahaken berkah kesarasan Paduka lumantar lumadosipun para dhokter lan pangombyongipun temah dumadosing kaelokan kuwaos Paduka.


Puji sokur lan matur nuwun dhuh Gusti, Paduka kersa miyarsakaken saha angabulaken donga panyuwun kawula punika..... Amin Amin.. 🙏🙏


(sorogan : nuwun sewu seratan punika namung conto sapala, bilih mranani ing penggalih sumangga saged dipun imbeti lan dipun suda miturut kabetahan panjenengan piyambak2.)


JM, sidhem-premanem, 051221

          dening eNPe


Jarwanipun ing basa Indonesia :


Ijinkan mari kta mendoakan utk kesembuhan bbrp saudara kita :


Ya Tuhan Yang empunya kehidupan, perkenan kami menghadap kahadirat-Mu.


Kiranya  bbrp saudara kami (bpk ibu xxx) yg lagi sakit dan terbaring diatas ranjangnya, Tuhan jamah dan urapi dengan tangan Kasih dan Kuasa-Mu.


Berilah sinar terang dan rahmat penyembuhan-Mu atas dirinya.

Bantulah ia untuk merasakan pelukan cinta-kasihMu.

Semoga ia merasakan kehadiran-Mu

Semoga ia merasakan kekuatan-Mu, merasakan kekuatan cinta-kasihMu.


Semoga jiwa dan raganya merasakan sentuhan; dengan terang, kebenaran, dan oleh penyembuhan dan kedamaian dari-Mu Tuhan.


Kami mohonkan mencurahkan kesembuhan-Mu pada tubuhnya saat ini. Melalui tim medis berkatilah segala upaya mereka hingga mukjijat-Mu yang dinyatakan.


Puji syukur dan terima kasih Tuhan, Engkau berkenan mendengar dan mengabulkan doa permohonan kami... Amin Amin 🙏🙏

Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

🎶 ISIH DUWE WÊKTU 🎶 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 𝕲. 𝕬𝖉𝖊

KEDUWUNG TANSAH KASUMURUPAN SAWUSÉ KADADEAN