KACANG MANGSA NINGGALA LANJARAN

   kapacak uga ing https://www.facebook.com/1684548218490975/posts/3138952426383873/


Ana pasemon kang ngemu surasa,

Kacang mangsa ninggala lanjaran, bramacorah tetep tumindak doracara.

Lanjaran mono dadya rambatan, kacang mrono mrambatnya.

Werdine pemimpin dalah pangagenging praja, den samnya asung tuladha.


Lamun pemimpin angumbar hawa-nepsu,

pra pamong lan pangreh praja, tindaknya kleru,

samnya nguja hardaning kanepson,

rakyat tan temata nora darbe wengkon.


Mula denya eling klawan waspada,

kang mengku dadi pangrehing praja;

wewatak satriya samya kaesthi;

maju perang tanpa gaman, wedi wirang wani mati.


JM, esuk kekes, 091221

        dening eNPe


Jarwane ing basa Indonesia kira2 mangkene :

Sebuah peribahasa mengatakan..
Kacang tak akan meninggalkan rambatannya, penjahat tetep aja mengulang kejahatannya..
rambatan kan jadi tempat kacang merambatnya..
pemimpin hendaknya menjadi panutan yg baik.

Jika pemimpin mengumbar hawa nafsunya..
para pamong dan pejabat yg berkuasa bertindak mlenceng..
pada membiarkan hawa nafsu amarahnya..
rakyat tidak teratur tanpa kendali.

Maka pada ingat dan waspadalah..
yg punya wenang sbg pejabat/pemimpin masyarakat..
diharapkan berakhlak & berwatak satria..
perang tanpa senjata, takut malu berani mati

Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

🎶 ISIH DUWE WÊKTU 🎶 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 𝕲. 𝕬𝖉𝖊

KEDUWUNG TANSAH KASUMURUPAN SAWUSÉ KADADEAN