TOPENG KAURIPAN

   kapacak uga ing https://www.facebook.com/1684548218490975/posts/3154003354878780/


Sing jenenge beksan (jejogetan) topeng iku manganggo topeng wus dadi piranti nalika ngepyakake beksan. Para pamiyarsa ora bisa weruh gegambaran praenane kang mbeksa kejaba amung nyawang gambar ing topeng iku. Si pambeksa pancen ora mitontonake raine jalaran ya pancen topeng wus dadi piranti utama ing beksan topeng. Mangkono uga kita, tanpa kita ngrumangsani uga manganggo topeng kanggo nutupi urip kita sabenere.


Saliring pepenginan kadonyan kadurakan kayata hawa nepsu, tamak, drengki, kabencian lan apa bae nggulet dhiri manungsa nganti wusanane adoh saka Gusti Allah. Ing wektu samengko iki samangsa isih ana ing ngalam donya, prayoga urip ing kabecikan, wicaksana, sarwa ngibadah ana ing dalan kabeneraning Gusti, sarta tumindak kabecikan murakabi kanggo wong akeh.  


Ing jaman saiki, topeng kerohanian isih durung wutuh panganggone dening umat pracaya kagungane Gusti. Katone saka njaba setya ngibadah, sregep melu peladenan ibadah ing papan pangibadah. Ananging nalika ing tengah-tengahing pasrawungan masarakat kang ora tunggal kapracayan malik grembyang ora anggambarake minangka wong pracaya. Kaya-kaya ing jroning papan pangibadah manganggo topeng pandhereke Gusti, bareng ana ing njaba nyopot topenge tumindak sakepenake ngudi pepenginan kadonyan.


Ana ing dina-dina puputing taun 2021 iki ayo kita samya tuhu ngabekti marang Gusti Allah, ya klawan tumindak kabecikan kang murakabi kanggo wong akeh.

Dikantheni panyuwun, mugya urip kita ing taun 2022 tansah ana ing panuntun lan pamengkune Gusti tinebihake saka ing saliring rubeda nirbaya nir sambekala.. Amin.

 


JM, lingsir wengi, 301221

        dening eNPe

 

Jarwane basa Indonesia :


Penari topeng selalu mengenakan topeng ketika mempertunjukkan tariannya. Penonton tidak dapat melihat ekspresi wajah mereka selain yang terukir pada topeng. Mereka memang sengaja tidak memperlihatkan wajah karena topeng sudah menjadi ciri khusus dalam tarian mereka. Tanpa disadari, kita sebagai orang percaya pun sering mengenakan topeng untuk menyembunyikan hidup kita yang sebenarnya.


Segala keinginan duniawi yang jahat, seperti hawa nafsu, ketamakan, dan apa pun itu, menguasai diri manusia sehingga membuat kita jauh dari Allah. Sekarang, selagi kita masih ada di dunia ini, kita sebaiknya hidup bijaksana, adil, dan beribadah sambil terus berbuat kabaikan bagi orang banyak.


Nyatanya, topeng kerohanian belum sepenuhnya dikenakan oleh orang percaya zaman sekarang. Ada yang tampak baik di luar, rajin beribadah, bersekutu, bahkan tekun mengerjakan pelayanan. Namun, ketika ia berada di tengah pergaulan orang-orang yang tidak beriman, ia berubah 180 derajat. Ia tidak lagi mencerminkan identitasnya sebagai orang percaya. Seakan-akan di dalam rumah ibadah ia mengenakan topeng pengikut Tuhan, lalu di luar tempat ibadah ia melepaskannya dan bersikap sesuka hati.


Di hari2 penutupan tahun 2021 ini marilah kita semua patuh berbakti kpd Tuhan Allah, ya berbuat kebaikan yg bisa menjadikan berguna bagi orang banyak. Disertai memohon, kiranya hidup kita ditahun 2022 selalu dlm bimbingan dan kuasa Tuhan dijauhkan dari segala keruwetan dan malapetaka.. Amin

Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

🎶 ISIH DUWE WÊKTU 🎶 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 𝕲. 𝕬𝖉𝖊

KEDUWUNG TANSAH KASUMURUPAN SAWUSÉ KADADEAN