KABAGJANE WONG TUWA

   kapacak uga ing https://www.facebook.com/1684548218490975/posts/3141104569501992/


Kabagjane wong tuwa, lamun nyawang putra wayah-ira,

de samnya rukun manunggal bebudennya,

Pepindhane pra among tani, ndulu taneman-ira samnya ngrebda,

panenan-ira lir robing samodra,

pindha bakul, laris manis dagangan-ira.


Anak putu padha sabiyantu, atiku saiba bombong kalegan,

yen bungah samya padha kasukan,

lamun susah sinangga bebarengan.

Uripe ayem tentrem, guyub-rukun,

tan kendhat dennya ngaturke panuwun.


JM, gagat-bangun, 121221

         dening eNPe


Jarwane ing bs Indonesia mangkene :


Kebahagiaan orang tua, jika melihat anak cucunya,

akhlak berbudi saling rukun menyatu dlm hidupnya.

Bagaikan para petani, melihat tanamannya bertumbuh semakin banyak,

panenannya bagai banjir samodra,

seperti seorang penjual, laris manis dagangannya.


Anak cucu guyub satu sama lain, hatiku benar2 bangga dan puas,

jika senang saling bersuka ria,

saat susah dipikul bersama.

Hidup tentram dan damai, guyub rukun,

tidak pernah lupa selalu menghaturkan rasa syukur.


Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

🎶 ISIH DUWE WÊKTU 🎶 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 𝕲. 𝕬𝖉𝖊

KEDUWUNG TANSAH KASUMURUPAN SAWUSÉ KADADEAN