URIP TENTREM ING PADESAN #pangangen
kapacak uga ing https://www.facebook.com/1684548218490975/posts/3136671239945325/
Esuk kekes hawa atis kumrecep ing balung sungsum.
Gumregah kang Karyo aras-arasen kemulan sarung.
Menyat tumuju pawon gegenen sinambi udut.
Mak jranthal saka pojokan jedhing tikus mrambat tumuju wuwungan.
Kang Karyo nuli nyangking pacul nyengkelit arit.
Karo bukak lawang bengok pamit bojone, "mbokne aku menyang tegalan dhisik ya!"
"O iya kang ngati-ati ya, bagea-slamet kang!", wangsulane bojone.
Ing mburi gubuge ana tegalan sepuluh dhepa ambane.
Kang Karyo dhukir-dhukir lemah gegaman pacul entuk tela pendhem lan bodin.
Sesuketan dibabati lan dijabuti nganti resik ing galeng-galengane.
Sawuse iku kang Karyo menyat menyang omahe pak lurah saprelu ngangon kebone. Cacahe kebo papat digiring menyang blumbangan pinggir desa nuli diguyang. Rame swarane manuk prenjak ngoceh sesautan sajak bagekake tekane kang Karyo klawan sukarena.
Kebo-kebone banjur dieculke saba ing plataran pinggir kali nggayemi suket lan gegodhongan liyane.
Kadya mangkono iku kang Karyo uga kadang liyane minangka buruh tani urip ing padesan, sarwa prasaja, tentrem nora neka-neka. Guyub rukun bebarengan ngudi gawean samben ing sela-selane nggarap sawah ngisi wektu nunggu wanci panen.
Adoh saka gebyare karamean lan tansah kebak rasa sokur marang peparinge Gusti Kang Murbeng Gesang.
JM, esuk kekes, 061221
dening eNPe
Jarwane ing basa Indonesia :
Pagi hari yg dingin hawanya mengigil sampai ketulang sumsum,
byar kang Karyo bangun sambil berslimut sarung,
berdiri menuju dapur menyalakan api sambil ngrokok,
clurutt... tiba2 tikus dari pojok kamar mandi melompat ke atap.
Kang Karyo lalu ngambil cangkul nyelipkan sabit di pinggang,
buka pintu sambil teriak ke istrinya, "Mbokne aku ke tegalan dulu ya!.."
"O iya kang, hati2!", jawab istrinya.
Di belakang gubug nya tersisa tegalan sepuluh bentangan tangan luasnya.
Kang Karyo ngorek2 tanah dg cangkulnya mendapatkan ubi dan singkong.
Rerumputan di babat dan di cabuti sampai bersih.
Kemudian kang Karyo cepat berdiri menuju rumahnya pak lurah perlu mengembala kerbau yg jumlahnya 4 ekor. Kerbau2 itu digiring ke pinggir kolam utk dimandikan. Suwara ocehan prenjak terdengar meriah seakan menyambut datangnya kang Karyo. Kerbau tsb lalu dilepas kepinggiran sungai memakan rumput dan daun-daunan lainnya.
Demikianlah keseharian kang Karyo dan para petani lainnya hidup di pedesaan hidup sederhana, tentram tidak macem2. Rukun dan gotong royong cari kerjaan sambilan di sela2 waktu menunggu masa panenan. Jauh dari gebyarnya kebisingan, dan selalu bersyukur atas pemberian Tuhan Yang Empunya Kehidupan.
Komentar
Posting Komentar