ANGSLUPE SANG DIWANGKARA #tuhu_prihatin

   kapacak uga ing https://www.facebook.com/1684548218490975/posts/3142160409396408/


Samangsa angslupe sang diwangkara,

aywa kuwur kelangan sumunare.

Samya angruktia alam sutra,

datan umyek yasa doracara.


Sapa kang nora duwe rasa duhkita,

alas gundhul kababad mesin blandhong.

Angrusak alam pancen gampang,

amung, kadidene nyedhaki puputing jaman.


Aywa gumampang amung alesan pambangunan praja,

njur nglirwake jati dhirine manungsa.

Wajibing kita ngreksa alam saisinya

murih murwating panguripan pra jalma.


Payo!  pra mitra kadang samya

sayuk-sayuk rukun bebarengan ro kancane.

Sengkud ambangun asrining praja,

kanggo mulyaning bangsa lan nagara.


JM, candhik-kala, 131221

       dening eNPe


Jarwane ing basa Indonesia :


Sewaktu matahari tenggelam

jangan bingung kehilangan sinarnya.

Semuanya mari jaga alam raya

tanpa keributan dan kebohongan.


Siapa yg tdk merasa sedih

hutan gundul ditebas buldoser.

Merusak alam memang gampang

tapi itu seperti halnya mendekati akhir jaman.


Jangan mudah karena alasan pembangunan

melupakan jati dirinya sbg manusia.

Kita berkewajiban memelihara alam seisinya

supaya bermanfaat bagi kehidupan seluruh makhluk.


Ayo saudara, teman dan sahabat semua

rukun bergotong royong bersama.

Semangat dan giat membangun keindahan alam

demi tuk kesejahteraan bangsa dan negara.


Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

🎶 ISIH DUWE WÊKTU 🎶 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 𝕲. 𝕬𝖉𝖊

KEDUWUNG TANSAH KASUMURUPAN SAWUSÉ KADADEAN