HAYUNING BAWANA
kapacak uga ing https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=3137454793200303&id=1684548218490975
Kairing lelagon kadya swara suling
kasaput sumilir angin dhompole pring
Sadhengah peksi pating jempalit ngawe-awe
ngoceh cemuwit nambah hayuning bawana rame
Ing brang wetan sang surya katon eseme
ambagya sumringahing alam dalah saisine
Pra jalma gegancangan sengkut ing pakarti
ngupadi darmaning ngaurip peparinge Gusti
Gumricik ilining tirta wening kali
agawe tentrem rumesep ing ati
Suka rena bocah-bocah samya nglangi
pating clebung cecipratan warih kali
JM, esuk kekes, 071221
dening eNPe
Komentar
Posting Komentar