PRACAYA DHIRI
kapacak uga ing https://www.facebook.com/1684548218490975/posts/3094374897508293/
Pracaya mring awake dhewe ateges ngandel lan ngandhelake awake dhewe (Pracaya Dhiri) iku apik-apik bae, nanging praca dhiri kaluwih-luwih iku ora prayoga.
Pracaya Dhiri tinalesan bisa nampa apa anane kang tinampa ing awake dhewe lan rasa sokur apa kang Gusti paringake, iku kang becik. Dene Pracaya Dhiri kang kaluwih-kaluwih iku linandhesan duwe rasa Adigang, Adigung, Adiguna yaiku rumangsa dhug-dheng ngagul-agulake mring kakuwatane, kaluhurane lan kapinterane dhewe.
Sapa wonge kang duwe rasa pracaya dhiri tetep gelem lan ngajeni sarta wicaksana nampa pamerdine wong liya iku kang prayoga, dene kang kaluwih-kaluwih anggone pracaya dhiri bakal nampik ing pamerdi iku kang prelu disingkuri.
Sing sapa (kaluwih-luwih) ngendelake atine dhewe kuwi wong tanpa budi, nanging sing lakune kalawan kawicaksanan oncat saka bilai. (Amsal 28:26)
Dudu mung sing sugih bae, wong sing ora sugih uga bisa kena pamblithuking laku kang luput jroning ngoyak kasugihan utawa kalungguhan kuwasa. Kasugihan utawa pangkat ing kalungguhan kuwasa asring njalari nglirwakake wajibing dhiri lan tansah gedhe nepsune murih nambah kasugihan / kalungguhan kuwasa nadyan klawan ngurbanake wong liya.
Ya kaya mangkono iku kang mujudake panggodha kang semu tumraping manungsa. Kita prayoga tansah atur puji sokur marang Gusti, nyadhong pangapura lamun kita wus nate lan ana ing satengahing tumindak pracaya dhiri kang kaluwih-luwih, nyuwun panganthine Gusti lumaku ing dalan kabebenerane Gusti.
Sumangga.., Gusti amberkahi... Amin 🙏
JM, bangun esuk, 101021
dening eNPe
Jarwane ing basa Indonesia mengkene,
Percaya diri itu baik dan harus, tetapi terlalu percaya diri itu tidak baik. Mengapa? Percaya diri bertitik tolak dari penerimaan diri dan rasa syukur atas apa yang Tuhan berikan, sedangkan terlalu percaya diri bertitik tolak dari kepongahan karena merasa hebat dengan diri dan kemampuan sendiri. Orang yang percaya diri tetap mau menerima masukan atau saran, sedangkan orang yang terlalu percaya diri menolaknya.
Tertulis dalam Amsal 28:26: Siapa percaya kepada hatinya sendiri adalah orang bebal, tetapi siapa berlaku dengan bijak akan selamat.
Bukan hanya yang kaya, yang tidak kaya pun dapat terjebak dalam tindakan dan cara yang salah dalam mengejar kekayaan atau kekuasaan. Kekayaan sering membuat orang lupa diri dan berambisi untuk terus menambah kekayaan, walau harus mengorbankan orang lain.
Karena itu, semua orang harus berhati-hati terhadap godaan semu dunia. Kita harus selalu bersyukur kepada Tuhan. Mari memohon ampun jikalau kita pernah atau sedang terlalu percaya diri.
Komentar
Posting Komentar