PESEN SAKA WAKIL RAKYAT

   kaunggah uga ing https://www.facebook.com/1684548218490975/posts/3103067096639073/

Pesen iki ditumekaake menyang rakyat Indonesia ing ngendi bae dununge, jalaran akeh pawarta kang sumebar tansah mojokake para Wakil Rakyat, prelu kawuningana dene aku minangka Wakil Rakyat,

sejatine wus netepi dharma kuwajiban kang diamanahake kanthi becik jroning nyulihi (makili) rakyat Indonesia, awujud :


1. Rakyat butuh sugih, wus dak wakili/sulihi

2. Rakyat butuh montor mewah, wus dak wakili

3. Rakyat butuh omah mewah, wus dak sulihi

4. Rakyat kepingin gaji gedhe, wus dak sulihi

5. Rakyat kepingin plesir menyang manca negara, wus dak sulihi

 6. Rakyat nedya duwe bojo 3, wus dak sulihi


Dadine kabeh mau wus dak wakili / sulihi..! ✋

mulane minangka Wakil Rakyat sing dak jaluk supaya rakyat Indonesia tetep sidhem ora perlu ribut meri lan tetepa ngayahi wajibe dhewe-dhewe.


      Matur nuwun,

           kaecap

     *Wakil Rakyat*

   🤪😃🤪🤫


JM, madya ratri, 211021

        dening eNPe


Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

🎶 ISIH DUWE WÊKTU 🎶 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 𝕲. 𝕬𝖉𝖊

KEDUWUNG TANSAH KASUMURUPAN SAWUSÉ KADADEAN