AJA KUWATIR

   kapacak uga ing https://www.facebook.com/1684548218490975/posts/3107524689526647/

Aja kuwatir ngandharake kabeneran

aja amung meneng lamun ana kang ora bares

Tumindak kajujuran kang den udi

iku kang utama lan pinuji

 

Aja wedi ngakoni kaluputan

aja ngupadi mbenerake awake dhewe

Terus lumakua ing dalan kabeneran

wigati klayan tulusing driya

 

Aja kuwur lan sumelang ujar "ora!"

lamun ndika dibujuk ing pamblithukan

Aja kapencut pambujukan tumindak ala

kudu wani nampik upaya murang tatanan


JM, lingsir wengi, 281021

        dening eNPe

Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

🎶 ISIH DUWE WÊKTU 🎶 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 𝕲. 𝕬𝖉𝖊

KEDUWUNG TANSAH KASUMURUPAN SAWUSÉ KADADEAN