ISIH ANA KÊLONGGARAN WÊKTU

   kapacak uga ing https://www.facebook.com/1684548218490975/posts/3106861596259623/

Lamun bocah kang jêjêring anak gawe kaluputan, wong tuwane datan kêndhat bola-bali alok lan ora bosên tansah ngelikake lan ngelingake wujud katrêsnane wong tuwa marang putrane.

Kadya mangkono Gusti Allah wus bola-bali uga paring pangemut mring umat abdi-Ne nedya bali ing dalan kang bênêr supaya ora kêdlarung-dlarung ngambah dalan kang mlèncèng, ewasêmono umat-E ora malah lêmpêng mlakune nanging sangsaya mblubud / ora duwe ering ing tumindak dosa. Kita prihatin dene pêndhak dina akèh warta-warta ing tv lan medsos tumindak kang mblasar saka paugêran, panyiksan, pangancaman, pamêrêsan mring sapêpadha lan liya-liyane pawarta kang kurang tata.


Sênadyan mangkono, Gusti Allah Kang Ma' Trêsna tansah sinung nugraha paring kêlonggaran wêktu kanggo mratobat, klawan maneka warna wujud pacoban urip manungsa supaya kita mêlèk ing pangrasaning pambudi. Uga ora kurang pangemut liwat Pangandikane Gusti ing kotbah-kotbah pangibadah kang tansah digiyarake para pêngkotbah. 


Puji lan sokur, krana Roh Suci kita isih diemutake ing jroning nala murih mratobat saka dosa-dosa kita. Gusti Allah iku Maha Asih kang tansah anganthi kita tumuju ing dalan kabênêran, mula kita uga prayoga kanthi tulusing ati ora mung ngakoni bae ananging kang luwih baku kita kudu ngowahi tandang tanduk kita bali ing dalan kang bênêr miturut apa kang wus kadhawuhake dening Gusti.... 

Gusti ambêrkahi... Amin 🙏


JM, gêbyaring esuk, 271021

         dening eNPe

Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

🎶 ISIH DUWE WÊKTU 🎶 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 𝕲. 𝕬𝖉𝖊

KEDUWUNG TANSAH KASUMURUPAN SAWUSÉ KADADEAN