RUKUN AGAWE SANTOSA CRAH AGAWE BUBRAH

   kapacak uga ing https://www.facebook.com/1684548218490975/posts/3091072557838527/


Rukun agawe santosa,

sayuk rukun bebarengan ambangun praja.

Rukun agawe santosa,

gotong royong murih kukuh nuswantara.


Rukun agawe santosa,

kakung putri, wredha mudha datan beda.

Rukun agawe santosa,

saeka kapti kanggo mulyaning bangsa.


Crah agawe bubrah,

regejegan rebut menang kedlarung susah.

Crah agawe bubrah,

padha ren-irenan dadi lan wegah.


Crah agawe bubrah,

aywa padudon srekal-srekalan tyang kathah.

Crah agawe bubrah,

sarira susah ati semplah.


JM, srengege-angslup, 51021

         dening eNPe

Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

🎶 ISIH DUWE WÊKTU 🎶 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 𝕲. 𝕬𝖉𝖊

KEDUWUNG TANSAH KASUMURUPAN SAWUSÉ KADADEAN