Postingan

PANGUMBARA (angen-angen)

    kapacak uga ing  https://www.facebook.com/100053518547586/posts/pfbid02CTxH1ktoZvRoYcaTry8m8oDUS2GTgLgQUHiuuwDEDVLoccpSMttW6hLE7ZouSAyRl/?mibextid=2JQ9oc Pangumbårå nandhang lungkrah ing nêgri kang dèn tuju datan duhkitå lan susah. Ing kånå nêdyå kêpranggul kadang kang wus mêngkêr dèn sabrangi samodrå kauripan kang pênêr. Langit pêtêng angêmuli, dalan anjõg kêbak êri nanging dèn sawang ing ngarêp nêgri endah tuwin langgêng. Ing kånå datan ånå waspå, datan ånå duhkitå dèn sabrangi samodrå kauripan kang nyåtå. JM, gagat-bangun, 28723           ✍ eNPe ️✍️           [^__^]  [^__^] Ku ini adalah musafir yang dibuana berlelah. Di negeri yang aku tuju tiada duka dan kesah. Di sana akan ‘ku jumpai taulanku yang dulu pergi. ‘Ku seberangilah lautan, ke neg’riku yang berseri. Awan gelap menyelubungku, jalan berduri dan terjal. Namun ‘ku lihat di depanku neg’riku indah dan kekal. Di sana tiada air mata, tiada orang bersedih. ...

WANGSUL MALIH ING SAKAWIT

    kapacak ugi ing  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=pfbid0m34y4Yzxjp9uMUKhdHLR4BKHTUeCg7CFCFjNHvx8bLtb4mt2WXHtdAuJZeWBnEjZl&id=100053518547586&mibextid=2JQ9oc Sinerat dening Priyagung kondhang, teknokrat lantip ing pamikiran saha nggadhahi kalenggahan mulya ing pakaryan ageng sarta wekdalan pawiyatan negari ngamanca kang misuwur, ingkang saged kataman mring sinten kemawon. Sayogya kita para kasepuhan kersa maos lan kita resepi sesarengan...., KASUNYATAN, dening satunggaling Priyagung. Pranyata "wangsul malih ing sakawit", boten wonten ingkang saged punagulaken!   Kala samanten raos bombong nggadhahi panguwaos (jabatan, Ind) punapa punika Nakodha, Pilot punapa dene Direktur/Pamengku pakaryan (perusahaan, Ind) ageng. Prawacana (pidato, Ind) Priyagung kasebat (tilas pandheganing Perusahaan Nasional) anyerat lelampahan sugengipun, kaserat wulan Januari 2019. "Samangsa puputing gesang sangsaya celak." Sinaosa kober wekdalipun. Sumangga kita gagas ing...

MORAT-MARIT PANCATHETAN PANAMPANAN MURID ANYAR

    kapacak uga ing  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=pfbid02bYRpKJXdGZuGZwrsHakWNcHJFjaLA2gmLBqeYtfDrG5MJe6W4HXZseRk2CQVH2aol&id=100053518547586&mibextid=Nif5oz Wekasan iki medsos Indonesia rame-rame martakake ngrembug kisruhe PPDB 'Penerimaan Peserta Didik Baru'. Kawartakake akeh para wali murid kang tumindak ora tata yaiku gawe KK 'Kartu Keluarga' tiron/palsu ngangkah supaya putra-putrine bisa katampa ing sekolah kang diancas/diener. Gonjang-ganjing ing donyane pendhidhikan ing taun wulangan anyar pranyata tansah kedadean pendhak taun saploke tatanan 'zonasi' katetepake.   Tumindak ora jujur katitik anane dol-tinuku kursi panampanane murid anyar, malsokake KK uga titipan calon murid dening pemimpin daerah. Kepriye ta sing dadi tatanan zonasi? Tatanan zonasi katemtokake dene 'pendaftaran' /pancathetan murid anyar miturut dununge si murid adhedhasar KK kanggo nemtokake dohe saka ngomah tekan sekolahan. Tatanan zonasi iki sing nemtokak...

BEBAYANE RACUN WISA ANDROID

    kapacak uga ing  https://www.facebook.com/100053518547586/posts/pfbid02MFQSSSd7hsizBNbB1von4bgw1GqPPJ1x616eaQcYsR2pDTTF8go85qrSsAr7HeUnl/?mibextid=Nif5oz Ing giyaran warta CNBC Indonesia martakake yen trajangan (serangan) rat-maya (siber/cyber) pranyata gampang banget dialami dening telpun pinter (smartphone) Android. Miturut lapuran MalwaredFox wujude werna-werna kang bisa njebol M-Banking liwat pangetrapan cara (aplikasi) ing jejaring digital (internet). MalwareFox nyathet, Android sering banget diener serangan empuk duratmaka ing ratmaya (panrajang/panyerang elektronik/siber). Kenapa kok Android? Iya jalaran Android iku mujudake aplikasi program tinarbuka (open-source) sapa bae bisa gawe program lan dipasang ing Android ora kadya iOS duweke Apple. Gampang banget kanggone sang duratmaka elektronik kanggo nlusupake wisa/upas (racun) mbebayani ing perangkat Android migunakake program aplikasi sing mbebayani mau, kayata kang sinebut Trojans, Adware, Spyware, Keylogger ...

PAMANGGIH BAB WISUDHA ING TK

    kapacak ugi ing  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=pfbid02ViXE3NPQuc1wVij3thaYusvATobRqjiJKN94hxJmMbJeZkH1mxygFXMpJQv4RbPZl&id=100053518547586&mibextid=Nif5oz Ing sawetawis wekdal pungkasan punika, wonten pawartos pendhidhikan / pawiyatan nembe rame rerembagan bab pangepyakan winisudha ing pawiyatan dede sarjana, utaminipun ing "taman kanak-kanak / TK." Suwaunipun gladhen tutup taun purnaning pendhidhikan sinebat "pepisahan (perpisahan)", lajeng ing samangke gantos jejulakanipun dados wisudha niru ing pawiyatan inggil (sarjana). Ingkang ndadosaken rame (viral) ing cecaturan para wali murid boten bab winisudhanipun lare-lare murid TK kalawau, ananging bab wragadipun ingkang sakalangkung 'wah', mliginipun kangge para wali murid ingkang ekonominipun kalebet pas-pasan kagolong radi kirang. Punika ingkang ndadosaken kuwur / gorèh manahipun para wali murid. Kados pundi ta boten kuwur?  cobi pungalih kedah mawi "toga saperangkat" kan...

AMBEK KUMINGSUN

    kapacak ugi ing  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=pfbid0n7CEDQR6kqrra6dyPbXKSH3XYbNkr2UBdh7vKBxbWxqd6JxDQubu4gYbwzSdLs4El&id=100053518547586&mibextid=Nif5oz Ambek/awewatak kumingsun (piangkuh, gumedhe) punika namung andadosaken regejegan /padudon, nanging tiyang ingkang ngestokaken pitutur kadunungan kawicaksanan.  Conto kang asring kita prangguli saha pidhangetaken pawarta ing TV punapadene medsos pinanggih para tiyang ingkang kados makaten, ngatonaken piangkuhipun ngremehaken ngasanes dumugining panyiksan malah ngantos dugeng njabel nyawaning tiyang sanes. Raos kamanungsanipun kados sampun tebih saking tata gesang kautaman tuwin wontenipun namung nuruti hardaning kanepson. Bebuden kang utami mikolehaken sih, nanging margining tiyang cidra punika andadosaken kasangsaran ing dhiri pribadi tuwin ngasanes. Tiyang ingkang estu-estu temen lampah ing gesangipun rineksa dening kamursidanipun kang sarwa ing margining kaleresan miturut dhawuhipun Gusti...

IBA AGUNG

    kapacak uga ing  https://www.facebook.com/100053518547586/posts/pfbid0hAJCQpXejTwyXsxPj1J8J28oZJUnZM84pGNU3GefwXNqNyq8YRvNxnFuUDVm3UXLl/?mibextid=Nif5oz Sato pêksi samya ngocèh mêrdu  ngrêrêpi kidung esuk kadya ilining sindhu  arum sumêrbak awangi puspita rinêngga iba agung dhuh Gusti, cipta-ripta Paduka. Surya esuk sumunar endah c'rah anêlahi ngare sinawang endah gumêbyar larapan ing cakrawala iba agung dhuh Gusti, cipta-ripta Paduka. Ngare ijo royo-royo jêmbar, sêgara biru gumêlar arga dalah wanawasa rungkud têtanduran jêmbar Nabastala pinênthang amba iba agung dhuh Gusti, cipta-ripta Paduka. JM, mapag esuk, 230623           ✍ eNPe ✍           [^__^]  [^__^]

PRAHARANING GESANG

    kapacak ugi ing  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=pfbid02TNf411yxuCc5wqfL1UibmcwXCmrAAr4vv3iEFV2ieFoq4koHVn815PNu25aV5R2Nl&id=100053518547586&mibextid=Nif5oz Sawijining wekdal wonten bapak lan putranipun nembe nyopiri montor. Sasampunipun watawis dasanan kilomèter, dumadakan langit kasaput mendhung lan peteng sinarengan tumiyupipun angin banter sanget. Langit dados peteng dhedhet. Tetunggangan sanèsipun sami nisih lan mèndel ing pinggir margi. “Bapak, kadospundi punika? Punapa kita mèndel rumiyin?,” maturipun si putra. “Terus bae..!”, paring wangsulan bapakipun. Putranipun panggah nglampahaken montoripun. Langit sangsaya peteng, anginipun banter sanget tumunten wiwit jawah deres. Wonten saperangan tetuwuhan sami sempal lan ambruk, malah wonten ugi ingkang mabur katrajang angin. Kawontenanipun nggegirisi sanget. Ketingal montor-montor ageng ugi wiwit nisih lan mèndel. “Dospundi punika pak…?” “Terusa bae olèhmu nyopir!” ngendika bapakipun kaliyan teru...

SEPI ING PAMRIH...

    kapacak uga ing  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=pfbid02fzukGfqjnDcYVsnqL3uqZMk2uouaVWvJqsv9xVSYK7gnYGEey6hSHR3dCukU4E5hl&id=100053518547586&mibextid=Nif5oz Sajroning pasrawungan kita asring nemoni kasunyatan dene kita tumindak becik amarga kita nate tampa budi kabecikan saka wong liya (kepotangan budi/kabecikan). Kosok baline, ora kurang uga kita asring ngarep-arep piwales kabecikan saka wong liya kang wus nate kita beciki. Kita kayadene ngarepake piwales saka wong sing nate kita biantu. Dene yen wong mau ora enggal menehi piwales banjur kita rumangsa kuciwa. Gusti piyambak paring tuladha lan pitutur aja ngarepake piwales sih katresnan saka wong kang kita asihi. "Manawa kowe gawe becik marang kang mbeciki kowe, pituwase apa...uga manawa kowe ngutangi marang wong kanthi pangarah supaya oleh piwales saka dheweke, iku pituwase apa?" Apa iya kita isih tumindak becik adhedhasar piwales budi kaya mangkono mau?  Gusti Allah mulang mring kita supaya ...

PURWAKANTHI LUMAKSITA / GURU BASA

Purwakanthi Lumaksita (guru basa), yaiku purwakanthi sing padha kabeh tetembungane, yaiku tembung pungkasan ukara sing ngarep, dadi tembung wiwitan ukara candhake.  Purwakanthi guru basa uga diarani runtuting swara tembung; lumaksita. Purwakanthi lumaksita iku akeh-akehe tinemu ana ing wangsalan lan tembang. Tuladha: 1. Purwakanthi lumaksita ing Wangsalan ~Bayem arda, ardane ngrasuk busana ~Tepi wastra, wastra kang tumrap mustaka mong ing tirta, tirta wijiling salira 2. Purwakanthi lumaksita ing Tembang "Sinom" Amenangi jaman edan, Ewuh aya ing pambudi Melu edan nora tahan, Yen tan melu anglakoni, Boya kaduman melik, Kaliren wekasanipun, Dilalah karsa Allah, Begja-begjae kang lali, Luwih begja kang eling lan waspada ❇Tuladha: 1 Asung bekti, bektine kawula marang gusti 2 Bayem arda, ardane ngrusak busana 3.Bibis tasik, tasik madu wina tirta 4.Durna putra, putra putri Madukara 5.Janur gunung; gunung geni lor Ngayogja 6.Jarwa pinter, pintere satriya ing pringgadani 7.Kolik priya...

TUMRAPING MARCÅPÅDÅ KANG ENDAH

    kapacak uga ing  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=pfbid02wRzYFrXmytKneHGrWDRRxCKrhoy916JzpvHDoUb543jb9DjfBFs8eU3FFt4JDFAwl&id=100053518547586&mibextid=Nif5oz Tumraping marcåpådå kang endah, ing tawang katon asocå.. tumraping katrêsnan mijil ing jånålokå, sêdyå lan ngudåråså jroning nålå. Dhuh Gusti, Ratuning pårå ratu, puji sokur konjuk Padukå.. sokur, puji aståwå Kang Må' Kwåså! Tumraping nugråhå esuk, siang dalah ratri.. tumraping gumuk, argå lan lêmbah, surya lintang trang puniki. Dhuh Gusti, Ratuning pårå ratu, puji sokur konjuk Padukå.. sokur, puji aståwå Kang Må' Kwåså! Tumraping sih katrêsnan antaraning manungså.. p'rå kadang ing arilokå lan ing janalokå. Dhuh Gusti, Ratuning pårå ratu, puji sokur konjuk Padukå.. sokur, puji aståwå Kang Må' Kwåså! Tumraping p'rå titah kang têguh ing dongå lan pakarti.. pangaståwå konjuk Padukå ing salumahing bumi. Dhuh Gusti, Ratuning pårå ratu, puji sokur konjuk Padukå.. sokur, puji aståwå Kang Må'...

NGUDI URIP ING KAWICAKSANAN

    kapacak uga ing  https://www.facebook.com/100053518547586/posts/pfbid0W3jMqCvtYVZkMacDCXrtKhNVXU6toWfHEcfQGT5TjHRjmRNxAZnw5ShTgZNLLUyUl/?mibextid=Nif5oz Sapa kang ora ngucap gumun banget nyipati kemajuane elmu lan teknologi? Iba ngedab-edabi panemuan sing digawe dening manungsa ing maneka warna bab kayata kasehatan, 'jejaring komunikasi', ekonomi lsp. Nanging emane kabeh mau ora gawe manungsa urip luwih wicaksana. Manungsa ngatonake banget olehe gumun lan kasengsem awit saka asil upayane manungsa bisa nemokake kayata watu aji mas-masan, asil bumi lan nganggep kadhugdhèngan manungsa kang mumpuni bisa nelukake alam arcapada. Nanging kang dadi pitakonan, kabeh kang mumpuni mau andadekake manungsa dadi nitiman (arif) wicaksana? Manungsa sangsaya kedlarung anggone ngudi meres kaskayane alam iki ora maelu lan ora angreksa murih tetep lestari lan asrine alam arcapada iki. Tandha-tandha rusake alam iki wus nyata temen, bebaya ing ngendi-endi, banjir bandhang, lemah jugrug, gu...