PURWAKANTHI LUMAKSITA / GURU BASA

Purwakanthi Lumaksita (guru basa), yaiku purwakanthi sing padha kabeh tetembungane, yaiku tembung pungkasan ukara sing ngarep, dadi tembung wiwitan ukara candhake. 


Purwakanthi guru basa uga diarani runtuting swara tembung; lumaksita. Purwakanthi lumaksita iku akeh-akehe tinemu ana ing wangsalan lan tembang.

Tuladha:


1. Purwakanthi lumaksita ing Wangsalan

~Bayem arda, ardane ngrasuk busana

~Tepi wastra, wastra kang tumrap mustaka

mong ing tirta, tirta wijiling salira


2. Purwakanthi lumaksita ing Tembang

"Sinom"

Amenangi jaman edan,

Ewuh aya ing pambudi

Melu edan nora tahan,

Yen tan melu anglakoni,

Boya kaduman melik,

Kaliren wekasanipun,

Dilalah karsa Allah,

Begja-begjae kang lali,

Luwih begja kang eling lan waspada


❇Tuladha:

1 Asung bekti, bektine kawula marang gusti

2 Bayem arda, ardane ngrusak busana

3.Bibis tasik, tasik madu wina tirta

4.Durna putra, putra putri Madukara

5.Janur gunung; gunung geni lor Ngayogja

6.Jarwa pinter, pintere satriya ing pringgadani

7.Kolik priya, priyagung anjani putra

8.Lungguh dhingklik, dhingklike wong cilik-cilik

9.Mangan ati, atine sing kelara-lara

10.Mangkana ngelmu kang nyata, sanyatane weh reseping ati

11.Munggweng tirta, tirta kadheg ing samodra

12.Nandhang lara, larane wong lara lapa

13.Pandhu suta, suta madyaning Pandhawa

14.Raja putra, putra daleme Ngastina

15.Remuk rempu, rempu dadi awu

17.Rujak degan, degane krambil ijo

18.Rujak dhondhong, Dhondhonge sisane kalong

19.Saking tresna, tresnane mung samudana

20.Saron agung, agung-agunging sujanma

21.Suwe ora jamu, jamu godhong kara.

22.Tepi wastra, wastra kang tumrap mustaka

Witing tresna, tresnane mung sawetara

Rinakit dening Mamo Namaku

sumber kadudud : : https://www.facebook.com/groups/639097987262919/permalink/995137021659012/?mibextid=Nif5oz

Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

đŸŽ¶ ISIH DUWE WÊKTU đŸŽ¶ 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 đ•Č. 𝕬𝖉𝖊

KEDUWUNG TANSAH KASUMURUPAN SAWUSÉ KADADEAN