URIPE WONG LANANG & WONG WADON PADHADENE ANGGANEPI

   kapacak uga ing https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=pfbid02PQKoqMjTrqeRcX8n5Fa1sryArv6bLadyWmvbKrbH9Q2NqVBZJYADQux72kJeHpNNl&id=100053518547586&mibextid=Nif5oz

Ana tetembungan saemper paribasan, pasemon kang surasane, 

"Sajroning wong lanang sing uripe ing kamulyan (sukses), ingkono ana wong wadon kang kuwat lan wirya bebudene, nanging kosok baline, Sajroning wong lanang sing uripe ing karupekan, ingkono ana wong wadon kang gawe bubrah". (Katur para guru dwija, para nimpuna kepareng kersaa ngleresaken ukaranipun pasemon bokbilih kirang trep anggen kula ngracik, matur nuwun)


Bakune gegambaran pasemon iku nelakake dene sisihan (kanca estri) kang pinter, luwes, trampil, wicaksana lsp. iku sawijine wanita pepujan tumrap kamantepan, katresnane dening garwane kang tansah aweh panjurung kamajuane sang garwa. Wanita kang mangkono iku sregep lan luwes tandang gawene kanggo panjurung jejering kulawarga. Iya mangkono iku uripe wong lanang lan wong wadon padhadene angganepi.


Ananging suwalike kaya kang wus sinebut ing purwakaning ukara nduwur, sawijine wong lanang bisa bae bubrah/ambyar uripe amarga ana wanita kang ngrusak lan njlomprongake. 

Kadyadene kang kedadean pungkasan iki, kawartakake ana saperangan ora mung sethithik kepara akeh garwane pandhegane praja uripe nglelewa ing kasugihan, pamer urip mubra-mubru (mewah, Ind.) ing medsos ngumbar lan ngèwèr-èwèr ora ana risine, malah gawe risi masarakat sing nyawang. Banjur apa sing kedadean? Dadi sorotane masarakat (viral), wusana ambyar kalungguhan garwane lan sateruse urusan karo pangadeg ukum tundhone bisa kaancas mlebu kunjara.


Salam tentrem rahayu, muga karaharjan kang sarwa linaras, bagya mulya kang pinanggya... Gusti amberkahi... Amin Amin 🙏🙏


JM, pajar-sidik, 05623

          ✍ eNPe ✍

          [^__^]  [^__^]


Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

🎶 ISIH DUWE WÊKTU 🎶 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 𝕲. 𝕬𝖉𝖊

KEDUWUNG TANSAH KASUMURUPAN SAWUSÉ KADADEAN