TUMRAPING MARCÅPÅDÅ KANG ENDAH
Tumraping marcåpådå kang endah, ing tawang katon asocå..
tumraping katrêsnan mijil ing jånålokå, sêdyå lan ngudåråså jroning nålå.
Dhuh Gusti, Ratuning pårå ratu, puji sokur konjuk Padukå..
sokur, puji aståwå Kang Må' Kwåså!
Tumraping nugråhå esuk, siang dalah ratri..
tumraping gumuk, argå lan lêmbah, surya lintang trang puniki.
Dhuh Gusti, Ratuning pårå ratu, puji sokur konjuk Padukå..
sokur, puji aståwå Kang Må' Kwåså!
Tumraping sih katrêsnan antaraning manungså..
p'rå kadang ing arilokå lan ing janalokå.
Dhuh Gusti, Ratuning pårå ratu, puji sokur konjuk Padukå..
sokur, puji aståwå Kang Må' Kwåså!
Tumraping p'rå titah kang têguh ing dongå lan pakarti..
pangaståwå konjuk Padukå ing salumahing bumi.
Dhuh Gusti, Ratuning pårå ratu, puji sokur konjuk Padukå..
sokur, puji aståwå Kang Må' Kwåså!
JM, lingsir wengi, 11623
✍ eNPe ✍
[^__^] [^__^]
Komentar
Posting Komentar