PRAHARANING GESANG
Sawijining wekdal wonten bapak lan putranipun nembe nyopiri montor. Sasampunipun watawis dasanan kilomèter, dumadakan langit kasaput mendhung lan peteng sinarengan tumiyupipun angin banter sanget. Langit dados peteng dhedhet. Tetunggangan sanèsipun sami nisih lan mèndel ing pinggir margi.
“Bapak, kadospundi punika? Punapa kita mèndel rumiyin?,” maturipun si putra.
“Terus bae..!”, paring wangsulan bapakipun.
Putranipun panggah nglampahaken montoripun. Langit sangsaya peteng, anginipun banter sanget tumunten wiwit jawah deres.
Wonten saperangan tetuwuhan sami sempal lan ambruk, malah wonten ugi ingkang mabur katrajang angin. Kawontenanipun nggegirisi sanget. Ketingal montor-montor ageng ugi wiwit nisih lan mèndel.
“Dospundi punika pak…?”
“Terusa bae olèhmu nyopir!” ngendika bapakipun kaliyan terus mirsani mengajeng.
Klawan rekaos putranipun inggih panggah anggènipun nyopir.
Jawah deres ngalingi paningal, kinten-kinten namung saged ningali pinten mèter kemawon.
Si lare wiwit kuwatos.
Ananging... piyambakipun panggah kemawon anggenipun nyopir, sinaosa nggremet alon-alon.
Sasampunipun nglangkungi sawetawis kilomèter, raosipun jawah wiwit tingkas lan angin ugi wiwit suda.
Watawis kilomèter salajengipun, kekalihipun dumugi ing panggènan ingkang katingal radi gasik lan wonten sunaring srengenge.
“Nah saiki mandhega lan metua!,” ngendikanipun sang bapak.
“KENGING PUNAPA sapunika pak?,” pitakènipun si Anak.
“Karebèn kowe BISA NDELENG, kepriye saupama nalika kita mandheg ing satengahing prahara.”
Montor nunten punendhegaken lan piyambakipun medal, nyawang ing wingking, saking katebihan katingal angin-ribut taksih dèrèng kèndel.
Piyambakipun menggalihaken tiyang-tiyang kang kebetheng angin ing ngrika.
Piyambakipun ing batos nembe mangretosi,
"dene AJA MANDHEG ing satengahing prahara AMARGA bakal kebetheng ing satengahing kahanan kang ora duwe pepesthèn".
"Samangsa kita ngadhepi prahara ingaurip, TERUSA lumaku, aja kandheg lan mutung, awit kita bisa kagèndèng ombyaking kahanan sing tansah nguwatirake lan ora duwe pepesthèn."
"TANDANGANA apa kang bisa kita tandangi, mantepa lan pracayaa dene 'BADAI PASTI BERLALU!"
"Kita ora arep KANDHEG ananging terus maju bae, jalaran kita yakin dene ing ngarep kana Pepesthèn lan Kabungahan sumadhiya kanggo kita..."
"URIP ORA SALAWASE LUMAKU KANTHI MULUS!!!
TANSAH ana watu krikil lan sawernaning eri, supaya kita WIWEKA lan WASPADA.."
"TANSAH ngadhepi simpangan, supaya kita WICAKSANA anggone MILIH.."
"Butuh PANUNTUN dalan, supaya kita duwe PANGAREP-AREPAN bab arahing tembe mengkone.
Butuh MASALAH, supaya kita ngreti lan duwe KASANTOSAN..
Butuh PANGORBANAN, supaya kita ngreti carane NYAMBUTGAWE SING TEMEN..
Butuh TANGIS, supaya kita ngreti LEMBAH MANAH..
Butuh DIINA lan DISEPÈLÈKAKE supaya kita ngreti kepriyé carané NGAJÈNI..
Butuh GUYU lan ÈSEM, supaya kita bisa CAOS SOKUR..
Butuh WONG LIYA, supaya kita ngreti kita ORA DHÈWÈKAN.."
"Anggone ngrampungake MASALAH aja karo grundelan, ngresula, apa manèh kanepson, Lakonana klawan sabar, rasa sokur, lan aja lali MÈSEM.
Bacutna ANJANGKAH senadyan mrangguli ALANGAN, aja geter lan kuwatir!"
"Aja ngetung apa SING ILANG, ananging etungen apa SING ISIH ANA."
Makaten ing batos piwucal ingkang saged puntampi lan serep dening si lare.
Sinaosa pengasilan kita sakedhik, tamtu boten badhe kekirangan kangge nyekapi kabetahan gesang.
Kosok wangsulipun sakathah-kathahing pengasilan kita, badhe kirang menawi punginakaken minangkani "Lelewa solahing gesang (Gaya Hidup)".
Boten sadaya tetembungan ingkang elok lan endah punika leres, ugi boten sadaya tembung-tembung ingkang nyerikaken punika klèntu/lepat.
Gesang punika cekak wekdalipun, tilaraken ingkang rinaos kirang prayogi lan migunani, saha upadosa ingkang èstu maedahi tumrap kita lan tiyang sanès.
Kekadangana mring sinten kemawon nanging kekadangana mring tetiyang ingkang anggadhahi solah-bawa ingkang sae lan luhur bebudènipun.
Mugya migunani!
Salam tentrem rahayu kang pinanggih, Gusti amberkahi... Amin 🙏🙏
JM, enjing kekes, 180623
✍️ eNPe ✍️
[^__^] [^__^]
Komentar
Posting Komentar