SEPI ING PAMRIH...

   kapacak uga ing https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=pfbid02fzukGfqjnDcYVsnqL3uqZMk2uouaVWvJqsv9xVSYK7gnYGEey6hSHR3dCukU4E5hl&id=100053518547586&mibextid=Nif5oz

Sajroning pasrawungan kita asring nemoni kasunyatan dene kita tumindak becik amarga kita nate tampa budi kabecikan saka wong liya (kepotangan budi/kabecikan).

Kosok baline, ora kurang uga kita asring ngarep-arep piwales kabecikan saka wong liya kang wus nate kita beciki. Kita kayadene ngarepake piwales saka wong sing nate kita biantu. Dene yen wong mau ora enggal menehi piwales banjur kita rumangsa kuciwa.


Gusti piyambak paring tuladha lan pitutur aja ngarepake piwales sih katresnan saka wong kang kita asihi. "Manawa kowe gawe becik marang kang mbeciki kowe, pituwase apa...uga manawa kowe ngutangi marang wong kanthi pangarah supaya oleh piwales saka dheweke, iku pituwase apa?"


Apa iya kita isih tumindak becik adhedhasar piwales budi kaya mangkono mau? 


Gusti Allah mulang mring kita supaya kita tumindak kabecikan datan pamrih. 

Ana wulang bebasan :

"SEPI ING PAMRIH rame ing gawe", lire mengkene yen kita tumindak kabecikan aja amarga ngarep-arep piwalese nanging adhedhasar tumindaka kabecikan lan sregep tumandang gawe krana eklas. Ana maneh tuladha, padha tresnaa marang mungsuhmu, wong kang sengit marang kowe padha becikana. 

Gusti Allah amberkahi... Amin 🙏


JM, lingsir wengi 170623

          ✍️ eNPe ✍️

          [^__^]  [^__^]


Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

đŸŽ¶ ISIH DUWE WÊKTU đŸŽ¶ 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 đ•Č. 𝕬𝖉𝖊

KEDUWUNG TANSAH KASUMURUPAN SAWUSÉ KADADEAN