AMBEK KUMINGSUN

   kapacak ugi ing https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=pfbid0n7CEDQR6kqrra6dyPbXKSH3XYbNkr2UBdh7vKBxbWxqd6JxDQubu4gYbwzSdLs4El&id=100053518547586&mibextid=Nif5oz

Ambek/awewatak kumingsun (piangkuh, gumedhe) punika namung andadosaken regejegan /padudon, nanging tiyang ingkang ngestokaken pitutur kadunungan kawicaksanan. 

Conto kang asring kita prangguli saha pidhangetaken pawarta ing TV punapadene medsos pinanggih para tiyang ingkang kados makaten, ngatonaken piangkuhipun ngremehaken ngasanes dumugining panyiksan malah ngantos dugeng njabel nyawaning tiyang sanes. Raos kamanungsanipun kados sampun tebih saking tata gesang kautaman tuwin wontenipun namung nuruti hardaning kanepson.


Bebuden kang utami mikolehaken sih, nanging margining tiyang cidra punika andadosaken kasangsaran ing dhiri pribadi tuwin ngasanes.

Tiyang ingkang estu-estu temen lampah ing gesangipun rineksa dening kamursidanipun kang sarwa ing margining kaleresan miturut dhawuhipun Gusti. Kosok wangsulipun tiyang ingkang kebak ing timindak kadurakan badhe manggihi kasangsaran ing gesangipun.


Nyuwun pangapunten bilih anggen kula ngrakit ukara boten misra sinaosa makaten estu sadaya wau kasunyatan wontening pasrawungan ing wekdal samangke, mendah nguwatosaken kawontenan ing tengahing masarakat kita mliginipun wangsa Indonesia kang kita tresnani. Mugia pagesangan wangsa Indonesia ing tembenipun kasinungan nugraha saking Gusti Kang Maha Asih gesang ing kamulyan tentrem rahayu dumugi turun putra wayah kita... Amin 🙏


JM, lingsir kulon, 270623

        ✍️ eNPe ✍️

         [^__^]  [^__^] 


Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

đŸŽ¶ ISIH DUWE WÊKTU đŸŽ¶ 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 đ•Č. 𝕬𝖉𝖊

KEDUWUNG TANSAH KASUMURUPAN SAWUSÉ KADADEAN