NGUDI URIP ING KAWICAKSANAN

   kapacak uga ing https://www.facebook.com/100053518547586/posts/pfbid0W3jMqCvtYVZkMacDCXrtKhNVXU6toWfHEcfQGT5TjHRjmRNxAZnw5ShTgZNLLUyUl/?mibextid=Nif5oz

Sapa kang ora ngucap gumun banget nyipati kemajuane elmu lan teknologi? Iba ngedab-edabi panemuan sing digawe dening manungsa ing maneka warna bab kayata kasehatan, 'jejaring komunikasi', ekonomi lsp. Nanging emane kabeh mau ora gawe manungsa urip luwih wicaksana.


Manungsa ngatonake banget olehe gumun lan kasengsem awit saka asil upayane manungsa bisa nemokake kayata watu aji mas-masan, asil bumi lan nganggep kadhugdhèngan manungsa kang mumpuni bisa nelukake alam arcapada.


Nanging kang dadi pitakonan, kabeh kang mumpuni mau andadekake manungsa dadi nitiman (arif) wicaksana? Manungsa sangsaya kedlarung anggone ngudi meres kaskayane alam iki ora maelu lan ora angreksa murih tetep lestari lan asrine alam arcapada iki. Tandha-tandha rusake alam iki wus nyata temen, bebaya ing ngendi-endi, banjir bandhang, lemah jugrug, gunung mbledhos, reregan kabutuhan pedinan nganti mlumpat kaya roket. 


Sumangga para sutresna, kita minangka titahe Gusti Allah ngudi urip wicaksana ya  sinudarsana maring kawicaksanane Gusti Kang Maha Wicaksana. Ing kitab-kitabe para suci akeh pangandikane para winasis lan pujangga pitutur luhur lan wulangreh kang bisa kawaos lan tinulad.


JM, lingsir kulon, 08623

          ✍ eNPe ✍

        [^__^]  [^__^]


Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

🎶 ISIH DUWE WÊKTU 🎶 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 𝕲. 𝕬𝖉𝖊

KEDUWUNG TANSAH KASUMURUPAN SAWUSÉ KADADEAN