IBA AGUNG
kapacak uga ing https://www.facebook.com/100053518547586/posts/pfbid0hAJCQpXejTwyXsxPj1J8J28oZJUnZM84pGNU3GefwXNqNyq8YRvNxnFuUDVm3UXLl/?mibextid=Nif5oz
Sato pêksi samya ngocèh mêrdu
ngrêrêpi kidung esuk kadya ilining sindhu
arum sumêrbak awangi puspita rinêngga
iba agung dhuh Gusti, cipta-ripta Paduka.
Surya esuk sumunar endah c'rah
anêlahi ngare sinawang endah
gumêbyar larapan ing cakrawala
iba agung dhuh Gusti, cipta-ripta Paduka.
Ngare ijo royo-royo jêmbar, sêgara biru gumêlar
arga dalah wanawasa rungkud têtanduran jêmbar
Nabastala pinênthang amba
iba agung dhuh Gusti, cipta-ripta Paduka.
JM, mapag esuk, 230623
✍ eNPe ✍
[^__^] [^__^]
Komentar
Posting Komentar