WANGSUL MALIH ING SAKAWIT

   kapacak ugi ing https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=pfbid0m34y4Yzxjp9uMUKhdHLR4BKHTUeCg7CFCFjNHvx8bLtb4mt2WXHtdAuJZeWBnEjZl&id=100053518547586&mibextid=2JQ9oc

Sinerat dening Priyagung kondhang, teknokrat lantip ing pamikiran saha nggadhahi kalenggahan mulya ing pakaryan ageng sarta wekdalan pawiyatan negari ngamanca kang misuwur, ingkang saged kataman mring sinten kemawon.

Sayogya kita para kasepuhan kersa maos lan kita resepi sesarengan....,


KASUNYATAN, dening satunggaling Priyagung.


Pranyata "wangsul malih ing sakawit", boten wonten ingkang saged punagulaken!

 

Kala samanten raos bombong nggadhahi panguwaos (jabatan, Ind) punapa punika Nakodha, Pilot punapa dene Direktur/Pamengku pakaryan (perusahaan, Ind) ageng.

Prawacana (pidato, Ind) Priyagung kasebat (tilas pandheganing Perusahaan Nasional) anyerat lelampahan sugengipun, kaserat wulan Januari 2019.


"Samangsa puputing gesang sangsaya celak."

Sinaosa kober wekdalipun.

Sumangga kita gagas ing manah (renungan) tumraping kita sadaya..!


Panjenenganipun pesen, "Aku kasinungan nugraha dening Allah elmu teknologi nganti aku bisa gawe montor mabur, nanging saiki aku ngerti dene kawruh agama iku luwih piguna utawa maedahi kanggo umat titahe Gusti."


"Yen aku diakon milih temtu nedya milih kawruh agama utawa tumindak kabecikan /kautaman kang murakabi kanggo wong akeh."

"Sepi rasane urip.., tininggal sisihan kinasih."

"Tangan gumeter marga wus tanpa daya, wus suwe lelara nggrogoti awak..., 

lungguh ora jenak, 

mlaku uga ora kepenak."

"Tujune ana kadang katut gelem  ngancani manggon saomah melu ngrewangi lan ngladeni sadhengah kapreluan pribadiku."


"Anakku tetelune uripe mapan kabeh, anggayuh pamulangan dhuwur ing ngamanca. Saiki ana sing makarya ing ngamanca, ana sing nyambut gawe ing pakaryan asing duweni kalungguhan dhuwur, lan sijine dadi waraswasta, kabeh tetelune urip mulya kacukupan sacara ekonomi."


Makaten sacuwil suraos seratanipun.

Ananging kocapipun, rikala sampun ngunduri sepuh kados samangke punika, panjenenganipun rumaos kasepen gesangipun, lola lan nggrantes ing telenging nala. Sare boten jenjem sarwa boten tentrem.

Panjenenganipun wira-wiri mirsani potret-potret ing tembok jaman kawuri nalika taksih gagah prakosa lan trengginas kebak pangemuting gesang mulya kang endah sinawang lan rinaosaken.


Ing dedalem gedhongan ageng panjenenganipun rumaos kasepen, boten wonten sabawa putra-wayah babar pindhah, namung kapireng ajeg suwanten "thik-thak thik-thok..." jam-gantung ing tembok.

Gêgêr kraos sakit nyutnyut, kala-kala kêcoh dlewer saking lathinipun. Saking pojoking soca katingal tetesing waspa, kangen dipun sowani para putra-wayah kinasih.

Nanging emanipun putra-putranipun ewed sowang-sowangan lan manggen tebih ing kitha lan nagari ngamanca.

Kepengin nedya tindak dhateng griya ibadah nanging sarira boten kawawa mlampah.

Sampun kebacut lemes lan nglokro tanpa daya.

Kraos sanget rendhet lumampahing wekdal punika, paningalipun kosong, jiwanipun goreh boten jenjem saben wekdalipun.


Salajengipun sinerat, "... Wong lanang tuwa thumuk-thumuk iku bokmenawa aku utawa panjenengan para maos tulisanku iki mengkone.." sambetipun sang Priyagung ing pungkasan seratanipun.


Namung kantun nengga benjang punapa ingkang dereng mesthi kadadosanipun. Ingkang mesthi  'puputing gesang' tinimbalan dening Pangeran Kang Amengkoni Gesang, Gusti Allah Kang Maha Kuwaos.


Griya magrong-magrong boten  saged nentremaken gesangipun. Para putra mapan lan mulya boten kawawa nganylesaken griya ingkang sampun mawi AC.

Para wayah kadyadene tiyang sanes (asing) nalika pinuju sowan nuweni.

Kaskaya rajabrana ingkang tansah mili ngasilaken, ing tembenipun duka kangge sinten..??


Kinten-kinten, lamun Malaekat rawuh mapag, badhe kados punapa puput gesangipun mangke? 

Sinten ingkang badhe nuceni layonipun? ing pundi layonipun punpetak/punsarekaken?

Punapa putra-putranipun kober ngreksa lan mulasara layonipun dumugenipun metak?

Punapa amal ingkang saged kabekta ing akherat?


Griya magrong-magrong dalah rajabrana badhe katilar ugi.

Punapa inggih lare-lare kemutan dongakaken kangge kita punapa boten dene ngibadahipun lare-lare dereng temtu kalampahan? Punapa malih bilih lare-lare boten kober kagulawenthah miturut kaliyan tuntunan agami.


Lamun kober,

- misungsung kang nyekapi ing griya ibadah, yatim piatu, panti asuhan lsp.

- sasaged-sageda dedarma nilari langkungan susuk blanja tukang sayur.

- sasaged-sageda misungsungaken sandhal ing griya-griya ibadah kangge tiyang ingkang mbetahaken.

 - sasaged-sageda numbasaken woh-wohan kangge tangga tepalih, sedherek lan tepangan.

.... lan tumindak-tumindak laku utama tuwin andum dedarma sanesipun.


LAMUN KOBER

Kenging punapa lamun/bilih kober?

Kenging punapa sadaya wau boten dados padatan wiwit sapunika, ampun ngentosi sampun dumugenipun ngunduri sepuh nyelaki puputing yuswa?

Kita saged kemawon sregep nyambut damel, prayogi sadaya pakaryan wau saged kangge sanguning akherat.


Eliding pesen ingkang saged kapendhet lan karingkes bokbilih kados makaten wau, saking seratanipun sang Priyagung (kang kaandum ing grup-grup WA). 

Bokbilih wonten kirangipun saha ceweting tembung lan ukara anggenipun ngandharaken sacuwil carios punika, keparenga kula nyadhong agunging samodra pangaksama.

Nuwun mugya Gusti amberkahi... Amin Amin 🙏🙏


JM, gagat-bangun, 240723

         ✍️ eNPe ✍️

         [^__^]  [^__^]


Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

🎶 ISIH DUWE WÊKTU 🎶 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 𝕲. 𝕬𝖉𝖊

KEDUWUNG TANSAH KASUMURUPAN SAWUSÉ KADADEAN